Minggu, 31 Januari 2016

PEPINDHAN

PEPINDHAN
Pepindhan yaiku unen-unen utawa tetembungan kang ngemot surasa irib-iriban (saemper = memper=pada karo). Pepindhan iki kalebu lelawaning basa (busananing basa) kanthi niat mabgusake tetembungan ing karya sastra utawi ing pangandikan ing sangajenging tiyang akathah. Sakedhik seserepan minggah tuladhanipun pepindhan inggih punika  :
1)          Abang kumpul padha abang pindha alas kobong (wana kabesmen).
2)          Abange pindha godhong katirah.
3)          Agunge pindha samudra rob.
4)          Akehe pepati pindha babadan pacing.
5)          Akehe pepati pindha sulung lumebu ing geni.
6)          Akehe lelara pindha kena pageblug.
7)          Ali-aline pindha gunung sapikul.
8)          Aluse pindha sutra.
9)          Antenge pindha temanten ditemokake.
10)       Baguse pindha Bathara Kamajaya.
11)       Bangone awangun gedhang salirang.
12)       Bantere pindha angin.
13)       Bebedane pindha ngadhal melet.
14)       Bedane pindha bumi karo langit.
15)       Begjane pindha nemu cempaka sawakul.
16)       Begjane pindha nemu emas sakebon.
17)       Bungahe pindha ketiban ndaru.
18)       Cahyane binger pindha lintang johar.
19)       Cahyane nglentrih pindha wulan karahinan.
20)       Cep klakep pindha orong-orong kapidhak.
21)       Cethile pindha cina craki.
22)       Cumlorot pindha lintang alihan.
23)       Cumlorot pindha ndaru.
24)       Dalane nggeger sapi.
25)       Dalane mbathok kemureb.
26)       Dawane barisan pindha sela blekithi.
27)       Dedege ngringin sungsang.
28)       Dhuwure pindha othak-othak mega.
29)       Ndomblong pindha sapi ompong.
30)       Gagah prakosa pindha Raden Werkudara.
31)       Galake pindha macan manak.
32)       Galake pindha butha.
33)       Gampange pindha empol pinecok.
34)       Gelungane ngadhal menek.
35)       Gelungane minangkara.
36)       Gelise pindha banyu sinaring.
37)       Gendhewane pindha awangun kadhal meteng.
38)       Gereng-gereng pindha singa antuk bayangan.
39)       Ijo kumpul padha ijo pindha bethet sayuta.
40)       Ireng kumpul padha ireng pindha gagak areraton.
41)       Janggute pindha tawon gumantung.
42)       Jogede mucang kanginan.
43)       Kagete pindha tunubruk ing wong tuna.
44)       Kaku pindha kena nggo pikulan.
45)       Kekejere pindha manuk branjangan.
46)       Kenese pindha Dewi Wara Srikandi.
47)       Kesite pindha kadhal.
48)       Kepingine pindha nyidham cempaluk.
49)       Klular-klulur pindha tuma kathok.
50)       Kopat-kapit pindha buntut ula tapak angin.
51)       Kuninge pindha emas sinangling.
52)       Kuning kumpul pada kuning pindha podhang areraton.
53)       Lakune nusup-nusup pindha ayam alas.
54)       Landhepe pitung panyukur.
55)       Lelewane milanggoni.
56)       Lir soto mungging rimbagan.
57)       Luruhe pindha Dewi Sembadra.
58)       Mendhak-mendhak pindha sato memeti.
59)       Mider-mider pindha undhar.
60)       Miling-miling pindha jangkung.
61)       Mlakune mundhur pindha mungkur gangsir.
62)       Mlakune ngodhok.
63)       Nangise ndrenginging pindha rase.
64)       Nangise ngorong-ngorong.
65)       Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi.
66)       Nyengiti pindha dhemit.
67)       Olehe kabegjan pindha nemu emas saloka.
68)       Omahe awangun glathik mungup.
69)       Omahe awangun gedhang salirang.
70)       Omahe awangun klabang nyander.
71)       Padhange pindha rina.
72)       Padha pleg pindha jambe sinigar.
73)       Panase pindha mecah-mecahna sirah.
74)       Penggalihe padha pindha suruh lumah lan kurepe, yen dinulu seje rupane, yen ginigit padha rupane.
75)       Parine gumadhung.
76)       Parine ngemping.
77)       Parine nedheng gumadhung.
78)       Petenge pindha ndumuk irung.
79)       Pintere pindha njara langit.
80)       Pintere pindha bisa nyancang langit.
81)       Pipane rokok menyu.
82)       Pipine pindha tomat mateng.
83)       Polahe pindha gabah den interi.
84)       Polahe pindha kuthuk kelangan babon.
85)       Polahe ngau napung.
86)       Polatane mbranyak pindha Raden Kakrasana / Raden Samba.
87)       Putih kumpul padha putih pindha kunthul neba ing ler-leran.
88)       Putih memplak pindha kapuk den wusoni.
89)       Rakete pindha sedulur sinarawedi.
90)       Ramene lir prahara nempuh wukir.
91)       Ramene surak mbata rubuh.
92)       Rikate pindha angin.
93)       Rukune pindha mimi lan mintuna.
94)       Ruruhe (wong lanang) pindha Raden Janaka.
95)       Ruruhe (wong wadon) pindha Dewi Sembadra.
96)       Rupane kembar pindha jambe sinigar.
97)       Salake medhi (masir).
98)       Sambate pindha nggrantang.
99)       Sambate ngaru ara.
100)    Senenge pindha bubuk olih leng.
101)    Sentosa banget pindha janget kinatelon.
102)    Sowane mendhak-mendhak pindha sato manggih krama.
103)    Suguhane mbanyu mili.
104)    Sumbare pindha bisa muthung wesi gligen.
105)    Sumbare pindha wani ndilat wesi abang.
106)    Suweke nyangkem kodhok.
107)    Swarane pindha gelap ing mangsa kapat.
108)    Swarane pindha mbelah-mbelahna bumi.
109)    Tandange cukat kadya kilat, kesit kadya thathit.
110)    Tandange pindha bantheng ketaton.
111)    Tandange pindha jangkrik mambu kili.
112)    Tandange pindha sikatan nyamber walang.
113)    Tapa ngalong, ngidang, nyantuka.
114)    Tekade pindha geni lan urube.
115)    Tekade pindha madu lan manise.
116)    Tepunge kalis (kekancane) pindha banyu karo lenga.
117)    Thinguk-thinguk pindha kethek ditulup.
118)    Tindake nusup ayam alas.
119)    Tulisane awangun ketumbar (aksara jawa).
120)    Tulisane mbata sarimbang (aksara jawa).
121)    Tulisane ngeri (aksara jawa).
122)    Ulese ngembang asem (kucing).
123)    Ulese ngembang duren (jaran).
124)    Untabe pindha samudra rob.
125)    Utange nyundhul empyak.
126)    Utange turut usuk.
127)    Wangsulane saur manuk.
128)    Wangune pindha dara gepak.
129)    Wirange nenangi brata.

130)    Wrangkane gayaman.

PETUNG PANCA SUDA

PETUNG PANCA SUDA
Petung Panca Suda iku kanggo ngaweruhi ala lan becike tumrap manungsa kang arep nindakake jejodohan. Petung iki amengku karep kanggo pangati-ati tumrape wong Jawa kanthi panganggep kena kanggo patokan kang kemantepane sumangga kersa ingkag badhe angersakaken. Menawa ditaliti petungan kang kaya mangkene iki wernane akeh banget, iku kabeh gumantung marang sapa kang mulangake utawa nyritakake lan nyejarahake. Kabeh petung iku becik, amarga wis lumaku kanthi panaliten kang dawa wektune , uga kanthi laku pitukon kang maneka warna wujude. Sumangga kersa, wallohhusalam bis showab.
Petung Panca Suda kajupuk saka neptune dina pitu (sapta wara) lan neptune dina lima (pasaran = panca wara). Kanggo neptu dina wis penulis bebraken ing lembar lintunipun ananging, diambali maneh ing kene, yaiku  :

Neptune Dina  :                                                 Neptune Pasaran  :
Senen         = Soma          = 4                            Paing        = Jenar             = 9
Slasa           = Anggara     = 3                            Pon           = Palguna       = 7
Rabu           = Budha        = 7                            Wage        = Cemengan   = 4
Kemis          = Respati       = 8                            Kliwon      = Kasih            = 8
Jumuwah   = Sukra          = 6                            Legi           = Manis            = 5
Setu             = Tumpak      = 9                           
Ahad            = Dite             = 5                           

Dene carane ngitung Petung Panca Suda mangkene. Neptune dina lan pasaran wetone calon penganten lanang dijumlah karo neptune dina lan pasaran calon penganten wadon. Sakwise dijumlah terus kasuda nganggo 10 (sepuluh) sisane utawa turahe petung ora kena luwih saka 7 (pitu). Menawa turahe isih luwih saka 7 (pitu), jumlah neptu mau kudu kasuda nganggo 7.
Tuladha :
Raden Paijo Singodimejo Rebo Pon, neptune (7 + 7)
Raden Ajeng Dewi Paijem Setu Legi, neptune (9 + 5)
Jumlah neptune (7 + 7) + (9 + 5) = 14 + 14 = 28
Menawa kasuda 10 (sepuluh) = 28 – 10 ...... sisane = 8
Kudune sisane ora kena luwih saka 7 (pitu) mulane jumlah neptune mau kudu kasuda nganggo 7 (pitu) = 28 – (7x3)............sisane = 7

Raden Ngabehi Compreng, Setu Paing, neptune (9 + 9)
Raden Ajeng Cipluk, Rebo Kliwon, neptune (7 + 8)
Jumlah neptune (9 + 9) + (7 + 8) = 18 + 15 = 33
Menawa kasuda 10 = 33 – (10 x 3) .............. sisane 3
Petung iki tiba Satriya Wibawa

Ketemu Petung Panca Suda kaya ing ngisor iki, yaiku sakwise kasud 10 (sepuluh) utawa kasuda 7 (pitu) sisane :
Sisa 1     =   Tiba Wasesa Segara – watake jembar budine, sugih pangapura, amot ujar ala lan ujar becik, gedhe wibawane.
Sisa 2     =   Tiba Tunggak Semi – watake rejeki tansah kecukupan, senajan dipapras meksa isih bisa thukul.
Sisa 3     =   Tiba Satriya Wibawa – watake oleh kabegjan gedhe, kamulyan, lan kaluhuran.
Sisa 4     =   Tiba Sumur Sinaba – watake kadunungan kapinteran, kawicaksanaan, panggonan kanggo pitakonan lan pitulungan.
Sisa 5     =   Tiba Satriya Wirang – watake nandang susah lan rekasa, kewirangan. Sarat kanggo srana tulake, yaiku negthokake getih yaiku nyembeleh ayam utawa wedhus.
Sisa 6     =   Tiba Bumi Kapetak – watake peteng ing ati, nanging taberi ing pegaweyan, kuwat nyandhang lara lapa, nanging resikan. Sarat kanggo srana tulake  yaiku mendhem lemah.
Sisa 7     =   Tiba Lebu Katiup Angin – watake nandang papa cintraka, tansah kapesan, rekasa golet sandang pangan, sabarang karepe angel kasembadan, asring pindah omah. Sarat kanggo srana tulake yaiku ngabul-abul bledug utawa lebu utawa awu.

Petung iki kalebu tinggalane para leluhur, kang nganti saiki isih kerep digunakake. Kabeh mung kanggo srana mujudake kaluwarga idaman kang ayem tetrem, mulya, lan wibawa, nyakrawati mbau denda. Kang wigati, dene jodho, pati, rejekine manungso iku wis ginaris saka kersane Gusti Kang Maha Kuwaos, manungsa amung sadrema mbudidaya, ndedonga, lawan ikhtiyar kaggo mujudake kekarepane, sabanjure pepesthene kapsrahake marang Gusti Kang Akarya Gesang.

SARASILAH PANDAWA, KURAWA, LAN RAMA SINTA

SARASILAHE PANDAWA
 







SARASILAHE KURAWA
 



  


SARASILAHE RAMA SINTA