Jumat, 12 Februari 2016

PARIBASAN BEBASAN SANEPAN LAN SALOKA

PARIBASAN BEBASAN SANEPAN LAN SALOKA

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane ora ngemu surasa pepindhan lan nduweni teges wantah (makna denotasi). Dene bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane nduweni teges entar (makna kias/konotasi), ananging ngemu surasa pepindhan kang dipeindhakake kahanane manungsa utawa barang.
Sanepan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane ngemu teges kosok balen, dene saloka yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, nduweni teges entar (makna kias/konotasi), ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake kahanane barang utawa manungsa, lan nganggo jenenge kewan.
Tuladha Paribasan Bebasan Sanepan lan Saloka  :
1.              Adhang-adhang tetese embun.
           Tegese : Njagakake barang mung sak oleh-olehe.
2.              Adigang adigung adiguna.
           Tegese : Ngendhel-ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kapinterane.
3.              Aji godhong garing.
           Tegese : Wis ora ana ajine / asor banget.
4.              Ana catur mungkur.
           Tegese : Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.
5.              Ana adulate ora ana begjane – (untup-untup).
           Tegese : Arep nemu kabegjan, nanging ora sida.
6.              Ana gula ana semut.
           Tegese : Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
7.              Anak polah bapa kepradah.
           Tegese : Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.
8.              Anggenthong umos. (rembes/bocor).
           Tegese : Wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
9.              Angon mangsa.
           Tegese : Golet wektu kang prayoga kanggo tumindak.
10.           Angon ulat ngumbar tangan. (pandeleng).
           Tegese : Ngulatak kahanan yen limpe banjur dicolong.
11.           Arep jamure emoh watange. – (gothek).
           Tegese : Gelem kepenake ora gelem rekasane.
12.           Asu rebutan balung.
           Tegese : Rebutan barang kang sepele.
13.           Asu belang kalung wang.
           Tegese : Wong asor nanging sugih banda.
14.           Asu gedhe menang kerahe. (tukaran).
           Tegese : Wong kang dhuwur pangkate, mesthi bae luwih gedhe panguwasane.
15.           Asu marani gebuk.
           Tegese : Njarag marani bebaya.
16.           Ati bengkong oleh oncong. (obor – konco).
           Tegese : Wong duwe niyat ala oleh dalan.
17.           Baladewa ilang gapite. (jepit wayang).
           Tegese : ilang kekuwatane / keluhurane.
18.           Banyu pinerang ora bakal pedhot. (disigar).
           Tegese : Pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane.
19.           Bathang lelaku.
           Tegese : Lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani.
20.           Bathok bolu isi madu. (bolong telu).
           Tegese : Wong asor nanging sugih kapinteran.
21.           Blaba wuda. (loman).
           Tegese : Saking lomane nganti awake dhewek ora keduman.
22.           Bebek mungsuh mliwis.
           Tegese : Wong pinter mungsuh wong pinter.
23.           Becik ketitik ala ketara.
           Tegese : Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine.
24.           Belo melu seton.
           Tegese : Anut grubyug ora ngerti karepe/rembuge.
25.           Beras wutah arang bali meyang takere.
           Tegese : Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.
26.           Mbidung api rowang.
           Tegese : Ethok-ethok nulungi nanging sejatine arep ngrusuhi.
27.           Blilu tau pinter durung nglakoni.
           Tegese : Wong bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni.
28.           Bubuk oleh leng.
           Tegese : Wong duwe niat ala ulih dalan.
29.           Bung pring petung.
           Tegese : Bocah kang gelis gedhe.
30.           Buntel kadut, ora kinang ora udud.
           Tegese : Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud.
31.           Mburu uceng kelangan dheleg.
           Tegese : Mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe.
32.           Busuk ketekuk pinter keblinger.
           Tegese : Sing bodho lan sing pinter padha-padha nemu cilaka.
33.           Carang canthel (pang pring).
           Tegese : Ora diajak gunemen nanging melu-melu ngrembug.
34.           Car-cor kaya kurang janganan.
           Tegese : Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir disit.
35.           Cathok gawel. (timangan sabuk).
           Tegese : Seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.
36.           Cebol nggayuh lintang.
           Tegese : Kekarepan kang mokal bakal kelakone.
37.           Cecak nguntal cagak.
           Tegese : Gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane.
38.           Cedhak celeng boloten. (gupak lendhut).
           Tegese : Cedhak karo wong ala bakal katut ala.
39.           Cedhak kebo gupak.
           Tegese : Cedhak karo wong ala bakal katut ala.
40.           Ciri wanci lelai ginawa mati.
           Tegese : Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.
41.           Cincing-cincing meksa klebus.
           Tegese : Karepe ngirit nanging malah entek kabeh.
42.           Criwis cawis.
           Tegese : Seneng maido nanging ya seneng menehi / marahi / muruki.
43.           Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake.
           Tegese : Wong kang njalari ala becike disingkirake.
44.           Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut.
           Tegese : Wis ora gelem nyanak / ngaruh-aruhi.
45.           Dahwen pati open. (seneng nacad).
           Tegese : Nacad naging sebenere melik.
46.           Dhandhang diunekake konthul, konthul diunekake dhandhang. (gagak).
           Tegese : Ala diunekake becik, becik, diunekake ala.
47.           Desa mawa cara negara mawa tata.
           Tegese : Saben panggonan duwe cara / adat dhewe-dhewe.
48.           Dhemit ora ndulit, setan ora doyan.
           Tegese : Tansah diparingi slamet, ora ana kang ngrusuhi.
49.           Digarokake dilukokake.
           Tegese : Dikongkon nyambut gawe abot.
50.           Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat.
           Tegese : Wong kang kenceng karepe, ora kena dipenggak maneh.
51.           Diwenehi ati ngrogoh rempela.
           Tegese : Wis diwenehi sethithik malah njaluk luwih akeh.
52.           Dom sumurupin banyu.
           Tegese : Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi.
53.           Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan.
           Tegese : Senajan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani.
54.           Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga.
           Tegese : Wong kang nesu banget.
55.           Dudutan lan anculan. (tali memeden sawah).
           Tegese : Padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.
56.           Durung ilang pupuk lempuyange.
           Tegese : Wong kang dianggep bocah cilik durung ngerti apa-apa.
57.           Durung pecus keselak besus.
           Tegese : Durung sembada nanging kepengin sing ora-ora.
58.           Eman-eman ora keduman.
           Tegese : Karepe eman malah awake dhewe ora keduman.
59.           Emban cinde emban siladan. (slendang – iratan pring).
           Tegese : Pilih kasih, ora adil.
60.           Embat-embat celarat. (klarap).
           Tegese : Wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
61.           Emprit abuntut bedhug.
           Tegese : Perkara sing maune sepele dadi gedhe.
62.           Endhas gundhul dikepeti.
           Tegese : Wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
63.           Endhas pethak ketiban empyak. (buthak sethithik).
           Tegese : Wong kang bola-bali nemu cilaka.
64.           Enggon welut didholi udhet.
           Tegese : Panggonane wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepira.
65.           Entek ngamek kurang golet. (njupuk).
           Tegese : Olehe nguneni/ngomehi/nyeneni sekatoge.
66.           Entek jarake.
           Tegese : Wis entek kesugihane.
67.           Esuk dhele sore tempe.
           Tegese : Wong kang oratetep atine (mencla-mencle).
68.           Gagak nganggo lare merak.
           Tegese : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (gedhe).
69.           Gajah alingan (amping-amping) suket teki.
           Tegese : Lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.
70.           Nggajah elar.
           Tegese : Sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.
71.           Gajah ngidak rapah.
           Tegese : Wong kang nerak/nglanggar wewalere dhewe.
72.           Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah.
           Tegese : Wong gedhe kang pada pasulayan, wong cilik sing dadi korban.
73.           Garang garing. (katon gagah).
           Tegese : wong sumugih, nanging seatine kekurangan.
74.           Gawe luwangan nggo ngurugi luwangan.
           Tegese : Golek utangan kanggo nyaur utang sing disit.
75.           Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput.
           Tegese : Samubarang kang dikarepake ora bakal keturutan.
76.           Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh.
           Tegese : Senanjan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane.
77.           Golek banyu bening.
           Tegese : Meguru golet kawruh kang becik.
78.           Golek-golek ketemu wong luru-luru.
           Tegese : Karepe arep golet utangan malah diutangi.
79.           Gupak pulute ora mangan nangkane.
           Tegese : Melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
80.           Idu didilat maneh.
           Tegese : Murungake janji kang wis diucapkake.
81.           Iwak lumebu ing wuwu.
           Tegese : Wong kenaapus kanthi gampang.
82.           Njagakake endhoge si blorok.
           Tegese : Njagakake barang kang durung mesthi ana lan orane.
83.           Njajah desa milangkori.
           Tegese : Lelungan menyang endi-endi.
84.           Jalma angkara mati murka.
           Tegese : Nemoni cilaka jalaran murkane.
85.           Jalukan ora wewehan.
           Tegese : Seneng njaluk ora gelem menehi.
86.           Jati ketlusupan ruyung.
           Tegese : Kumpulane wong becik kelobon wong ala.
87.           Jaran kerubuhan empyak.
           Tegese : Wong sing kapok (kanji) banget.
88.           Jarit lawas ing sampiran.
           Tegese : Duwe kepinteran nanging ora digunakake.
89.           Jer basuki mawa beya.
           Tegese : Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
90.           Njujul muwul.
           Tegese : Perkara kang nambah-nambahi rekasa.
91.           Njujul ngentebake.
           Tegese : Ngalembana nanging duwe niat ngasorake.
92.           Kacang ora ninggal lanjaran.
           Tegese : Kabiyasane anak niru wong tuwane.
93.           Kadang konang.
           Tegese : Gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih.
94.           Kalah cacak menang cacak.
           Tegese :Samubarang pegaweyan luwih becik dicoba disit bisa lan orane.
95.           Kandhang langit, banthal ombak, kemul mega.
           Tegese : Wong kang oraduwe papan panggonan.
96.           Katepang ngrangsang gunung.
           Tegese : Kagedhen karep/panjangka, mokal bisa klakon.
97.           Katon kaya cempaka sewakul. (emas).
           Tegese : Tansah disenengi wong akeh.
98.           Kaya banyu karo lenga.
           Tegese : Wong kang ora bisa rukun.
99.           Kakehan gludhug kurang udan.
           Tegese : Akeh omongane ora ana nyatane.
100.        Kebanjiran segara madu,
           Tegese : Nemu kabegjan kan gedhe banget.
101.        Kebat kliwat, gancang pincang.
           Tegese : Tumindhak kesusu mesthi ora kebeneran.
102.        Kebo bule mati setra.
           Tegese : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
103.        Kebo ilang tombok kandhang.
           Tegese : Wis kelanga ngetokake wragad maneh kanggo nggoleti malah ora ketemu pisan.
104.        Kebo kabotan sungu.
           Tegese : Rekasa uripe sebab kakehen anak.
105.        Kebo lumumpat ing palang.
           Tegese : Ngadili perkara ora nganggo waton.
106.        Kebo mulih menyang kandhange.
           Tegese : Wong lunga adoh bali menyang omahe maneh.
107.        Kebo nusu gudel.
           Tegese : Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
108.        Kegedhen empyak kurang cagak.
           Tegese : Kegedhen kekarepan nanging kurang sembada.
109.        Kejugrugan gunung menyan.
           Tegese : Oleh kabegjan kang gedhe banget.
110.        Kekudhung walulang macan.
           Tegese : Ngapusi nggawe jenenge wong kang diwedeni.
111.        Kelacak kepathak.
           Tegese : Ora bisa mungkir, jalaran wis kebukten.
112.        Kena iwake aja nganti buthek banyune.
           Tegese : Sing dikarepake bisa klakon ning aja nganti gawe rusak/rame.
113.        Kencana katon wingka.
           Tegese : Senajan apik nanging ora disenengi.
114.        Kendel ngringkel, dhadhag ora godag.
           Tegese : Ngakune kendel tur pinter, jebule ora jirih tur bodho.
115.        Kenes ora enes.
           Tegese : Wong sugih umuk nanging bodho.
116.        Keplok ora tombok.
           Tegese : Wong senengane maido thok, ora gelem melu ngrewangi.
117.        Kere munggah mbale.
           Tegese : Batur di arah bojo dening majikane.
118.        Kere nemoni malem.
           Tegese : Wong kang bedhigasan/serakah.
119.        Kerot ora duwe untuk.
           Tegese : Duwe kekarepan nanging ora duwe bandha/wragad.
120.        Kerubuhan gunung.
           Tegese : Wong nemoni kesusahan sing gedhe banget.
121.        Kesandung ing ratan, kebentus ing tawang.
           Tegese : Oleh cilaka sing ora dinyana-nyana.
122.        Ketula-tula ketali.
           Tegese : Womng kang tansah nandang sengsara.
123.        Kethek seranggon.
           Tegese : Kumpulane wong kang tindak ala.
124.        Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang.
           Tegese : Wong kang ora duwe panggonan/umah kang tetep.
125.        Klenthing wadah masin.
           Tegese : Angel ninggalae pakulinan ala.
126.        Kongsi jambul wanen.
           Tegese : Nganti tumeka tuwa banget.
127.        Krokot ing galeng.
           Tegese : Wong kang mlarat banget.
128.        Kriwikan dadi grojogan.
           Tegese : Prakara kang maune cilik dadi gedhe.
129.        Kumenthus ora pecus.
           Tegese : Seneng umuk nanging ora sembada.
130.        Kurung munggah lumbung.
           Tegese : Wong asor/cilik didadekake wong gedhe.
131.        Kuthuk nggendhog kemiri.
           Tegese : Manganggo kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani.
132.        Kuthuk marani sundhuk. (Ula marani gebug).
           Tegese : Njarag marani bebaya.
133.        Kuncung nganti tumeka gelung.
           Tegese : Suwe banget anggone ngenteni.
134.        Ladak kecangklak.
           Tegese : Wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe.
135.        Lahang karoban manis.
           Tegese : Rupane bagus/ayu tur luhur bebudine.
136.        Lambe satumang kari samerang.
           Tegese : dituturi bola-bali meksa ora digugu.
137.        Lanang kemangi.
           Tegese : Wong lanang kang jirih.
138.        Legan golek momongan.
           Tegese : Wis kepenak malah golet rekasa.
139.        Lumpuh ngideri jagat.
           Tegese : Duwe kekarepan kang mokal keturutan.
140.        Maju tatu mundur ajur.
           Tegese : Prakara kang sarwa pakewuh.
141.        Matang tuna numbak luput. (nyogrok)
           Tegese : Tansah luput kabeh penggayuhe.
142.        Mbuwang tilas.
           Tegese : Ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala sing lagi dilakoni.
143.        Meneng widara uleran.
           Tegese : katone anteng nanging sejatine atine ala.
144.        Menthung koja  kena sembagine. (saudagar  -  kain klambi)
           Tegese : Rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus.
145.        Merangi tatal.
           Tegese : Mentahi rembug kang wis mateng.
146.        Mikul dhuwur mendhem jero.
           Tegese : Bisa njunjung drajate wong tuwa.
147.        Milih-milih tebu oleh boleng.
           Tegese : Kakehen milih, wekasan oleh kang ora becik.
148.        Mrojol selaning garu.
           Tegese : Wong kang luput saka bebaya.
149.        Mubra-mubru, mblabar madji.
           Tegese : Wong sing sarwa kecukupan.
150.        Nabok nyilih tangan.
           Tegese : Tumindak ala kanthi konkongan wong liya.
151.        Ngagar metu kawul.
           Tegese : Ngojok-ngojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan.
152.        Ngajari bebek nglangi.
           Tegese : Penggaweyan kang ora ana paedahe.
153.        Ngalasake negara.
           Tegese : Wong sing ora manut pranatane negara.
154.        Ngalem legining gula.
           Tegese : ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter/sugih.
155.        Ngaturake kidang lumayu.
           Tegese : Ngaturake barang kang wis ora ana.
156.        Nglungguhi klasa gumelar.
           Tegese : Nindakake pegaweyan kang wis tumata.
157.        Ngontragake gunung.
           Tegese : Wong cilik asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe nganti gawe kagete wong akeh.
158.        Nguthik-uthik maam dhedhe.
           Tegese : Njarag wong kang wis lilih nepsune.
159.        Nguyahi segara.
           Tegese : Weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.
160.        Nucuk ngiberake.
           Tegese : Wis disuguhi mangan, mulih isih mbrekati.
161.        Nututi layangan pedhot.
           Tegese : Nggoleti barang sepele sing wis ilang.
162.        Nyangoni kawula minggat.
           Tegese : Ndandani barang kang tansah rusak.
163.        Nyolong pethek.
           Tegese : Tansah mleset saka pametheke/pambatange.
164.        Obah ngarep kobet mburi.
           Tegese : Tumindake panggedhe dadi panutane kawula alit.
165.        Opor bebek, mentas awake dhewek.
           Tegese : Rampung saka rekadayane dhewe.
166.        Ora ana banyu mili mangdhuwur.
           Tegese : Watake anak biasane niru wong tuwane.
167.        Ora ana kukus tanpa geni.
           Tegese : Ora ana akibat tanpa sebab.
168.        Ora gonjo ora unus.
           Tegese : Wong kang ala rupane tur ala atine.
169.        Ora mambu enthong irus.
           Tegese : Dudu sanak dudu kadang.
170.        Ora tembung ora tawung. (aruh-aruh)
           Tegese : Njupuk barange liyan tanpa kandha disik.
171.        Ora uwur ora sembur.
           Tegese : Ora gelem cawe-cawe babar pisan.
172.        Ora kinang ora udud.
           Tegese : Ora mangan apa-apa.
173.        Othak athik didudut angel.
           Tegese : Guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebuli angel.
174.        Palang mangan tandur.
           Tegese : Diwenehi kepercayaan nanging malah gawe kapitunan.
175.        Pandengan karo srengenge.
           Tegese : Memungsuhan karo panguwasa.
176.        Pandhitane antake.
           Tegese : Laire katone suci batine ala.
177.        Pecruk  tunggu bara. (manuk pangane iwak)
           Tegese : Dipasrahi barang kang dadi kesenengane.
178.        Pithik trondhol diumbar ing pedaringan.
           Tegese : Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malak ngenthek-entheki.
179.        Pupur sadurunge benjut.
           Tegese : Ngati-ati mumpung durung cilaka.
180.        Rampek-rampek kethek.
           Tegese : Nyedhak-nyedhak mung arep gawe kapitunan.
181.        Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
           Tegese : Samubarang kang ngalang-alangi baal disingkirake.
182.        Rebut balung tanpa isi.
           Tegese : Pasulayan merga barang kang sepele.
183.        Rindhik asu ginithik.
           Tegese : Dikonkon nindhakake pegaweyan kang cocok karo kekarepane.
184.        Rupa nggendhong rega.
           Tegese : Merga barange apik mulane regane ya larang.
185.        Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah.
           Tegese : Yen padha rukun mesthi sentosa, yen padha congkrah mesthi bakal bubrah/rusak.
186.        Sabar sareh mesthi bakal pikoleh.
           Tegese : Tumindak samubarang aja kesusu.
187.        Sabaya pati, sabaya mukti.
           Tegese : Kerukunan kang nganti tekan pati.
188.        Sadumuk bathuk, sanyari bumi.
           Tegese : Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.
189.        Sandhing kebo gupak.
           Tegese : Cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.
190.        Satru mungging cangklakan.
           Tegese : Mungsuh wong kang isih sanak sadulur.
191.        Sadhakep ngawe-awe.
           Tegese : Wis ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni maneh.
192.        Sembur-sembur adus, siram-siram bayem.
           Tegese : Bisa kaleksanan marga oleh pandongane wong akeh.
193.        Sepi ing pamrih rame ing gawe.
           Tegese : Nindakake pegaweyan kanthi ora duwe kemelikan apa-apa.
194.        Sing sapa salah bakal seleh.
           Tegese : Sapa sing salah bakal konangan.
195.        Sluman slumun slamet.
           Tegese : Senajan kurang ngai-ati, nanging isih diparingi slamet.
196.        Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh.
           Tegese : Wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.
197.        Tebu tuwuh socane.
           Tegese : Prakara kang wis apik, bubrah marga anasing ngrusuhi.
198.        Tega larane ora tega patine.
           Tegese : Senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulung.
199.        Tekek mati ulone.
           Tegese : Nemoni cilaka sebab omongane dhewe.
200.        Tembang rawat-rawat ujarembok bakul sinambiwara.
           Tegese : Kabar kang durung mesthi slah lan benere.
201.        Timun jinara.
           Tegese : Prakara gampang banget.
202.        Timun mungsuh duren.
           Tegese : Wong cilik mungsuh panguwasa, mesthi kalahe.
203.        Timun wungkuk jaga imbuh.
           Tegese : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan bae.
204.        Tinggal glanggang colong playu.
           Tegese : Ninggalake papan pasulayan.
205.        Tulung menthung.
           Tegese : Katone nulungi, jebule malah ngrusuhi.
206.        Tumbak cucukan.
           Tegese : Wong sing seneng ngadu-adu.
207.        Tuna sathak, bathi sanak. (dhuwit sithik).
           Tegese : Rugi bandha, nanging bathi paseduluran.
208.        Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
           Tegese : Prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethithik.
209.        Ucul saka kudangan.
           Tegese : Luput karo gegayuhane.
210.        Ulat madhep ati mantep.
           Tegese : Wis mantep banget kekarepane.
211.        Undhaking pawarta sudaning kiriman.
           Tegese : Biasane pawarta iku beda karo kanyataane.
212.        Ungak-ungak pager arang.
           Tegese : Ngisin-isini.
213.        Welas temahan lalis. (mati).
           Tegese : Karepe welas nanging malah gawe kapitunan.
214.        Wis kebak sundukane.
           Tegese : Wis akeh banget kaluputane.
215.        Wiwit kuncung nganti gelung.
           Tegese : Wiwit cilik nganti gedhe tuwa.
216.        Yitna yuwana lena kena.
           Tegese : Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.
217.        Yiyidan mungging rampadan. (cecawis panganan)
           Tegese : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong alim.
218.        Yoga anyangga yogi.
           Tegese : Murid nirokake piwulange guru.
219.        Yuwana mati lena.
           Tegese : Wong becik oleh cilaka, marga kurang ati-ati.
220.        Yuyu rumpung mbarong range.

           Tegese : Omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.