Gladen 11 kaca 27
1.
Jenise
gamelan manut larase yaiku : gamelan laras slendro lan gamelan laras pelog.
2.
Jinising
gamelan manut ayahane ana loro yaiku : gamelan pamurba gending la gamelan
pamurba irama.
3.
Jinising
gamelan manut kaperluane yaiku : gamelan kanggo karawitan mardika, gamelan
kanggo ngiringi joged, gamelan kanggo ngiringi wayang, gamelan kanggo
pakurmatan.
4.
Gamelan
kang minangka pamurba gending yaiku rebab, gender, gambang, celempung, siter,
bonang, slenthem, saron, demung, barung, penerus, suling.
5.
Gamelan
kang minagkapamurba irama yaiku : kendhang, kenong, kempul, gong, kethuk,
kempyang.
6.
Wayang
purwa yaiku wayang kang ginawe saka walulang nyritakake jaman kadewatan lakon
Prabu Parikesit. Dene wayang krucil yaiku wayang kang ginawe saka kayu,
nyritakake lelakone Minakjinggo karo Damarwulan.
7.
Sing
nyengkuyung pagelaran wayang kulit yaiku : dalang, pengrawit, lan sindhen.
8.
Kelir
nggambarake langit, gedebog nggambarake bumi, blencong nggambarake srengenge
utawa rembulan utawa lintang.
9.
Urutane
pagelaran wayang kulit sawengi muput yaiku : jejer kedhaton, paseban njaba,
bedholan, Limbukan, Jejer sabrang, Perang gagal, Gara-gara, Perang kembang,
Perang brubuh, tancep kayon.
10.
Sumbere
crita wayang kulit yaiku Buku Mahabarata karangan Mpu Wyasa lan Buku Ramayana
karangan Mpu Walmiki.
Garapan ing Omah 6 kaca 27
1.
Werkudara
lan Kresna.
2.
Werkudara
lan Kresna duweni watak kang becik.
3.
...................
4.
Werkudara
anake Prabu Pandu kasatriane ing Jodhipati sedulure Puntadewa Arjuna Nakula
Sadewa anake Gatutkaca, Antasena, Antareja, Srenggini.
Baladewa anake Prabu
Basudewa ratu ing Mandura, sedulure Kresna.
Arjuna anake Prabu
Pandu kasatriane ing Madukara sedulure Puntadewa Werkudara Nakula Sadewa, anake
Abimanyu.
Suyudana anake Prabu Destarata
ratu Ngastina, sedulure satus cacahe (Burisrawa, Durmagati, Dursilawati,
Durgandasena, Ctraksa, Citraksi lsp), anake Lesmana Mandrakumara.
Gladen 12 kaca 28
1.
Tanggap.
2.
Tanggap.
3.
Tanduk.
4.
Tanduk.
5.
Tanduk.
6.
Tanduk.
7.
Tanggap.
8.
Tanduk.
9.
Tanggap.
10.
Tanggap.
Gladen 13 kaca 30
1. Prabu Kurupati wateke
alus, Patih Sengkuni wateke cruwet lan bethet, Wadya Kurawa wateke pating
bedhigas, pating regudug.
2. Sing panten ditiru
wateke Prabu Kurupati.
3. Prabu Kurupati nomer
4, Patih Sengkuni nomer 3, Raden Dursasana nomer 4, Kartamarma nomer 2,
Citraksi nomer 5, Togog nomer 6, Bilung nomer 1.
Gladen 14 kaca 31
1.
Iso = bisa. 6. Gak = ora.
2.
Marine = bubare. 7. Melok =
melu.
3.
Ancene = pancene. 8. Ae =
bae/wae.
4.
Onok = ana. 9. Balik =
bali.
5.
Polih = maning/malih. 10. Ambek = karo.
Gladen 15 kaca 32
1.
Adhem
tangane 6. Pingget atine
2.
Ana
ing tanganku 7. Mara tangan
3.
Ketiban
tangan 8. Dadi ati
4.
Nggugah
tangan 9. Dawa tangane
5.
Cilik
atimu 10. Entek atine.
Gladen 16 kaca 33
1.
Lunga
– Kesah – Tindak. 6. Nggawa – mbekta – ngasta.
2.
Mangan
– neda – dhahar. 7. Tuku – tumbas – mundhut.
3.
Kowe
– sampeyan – panjenengan. 8. Sikil – suku – ampeyan.
4.
Turu
– tilem – sare. 9. Nganggo – ngangge – ngagem.
5.
Weruh
– sumerep – priksa. 10. Nunggang – numpak – nitih.
Gladen 17 kaca 35
1.
Kulit
sing bisa digawe wayang kulit yaiku walulang kewan.
2.
Piranti
sing dibutuhake kanggo gawe wayang yaiku pangot, amplas, corekan, pandukan,
cempurit, cari, lan drenjem.
3.
Anggone
natah ditumpangake ing pandukan. Pandukan yaiku kayu kandel tur amba kanggo
tatakan natah wayang. Ing sandhuwure walulang diwenehi tindih sing bobote
kira-kira rong kilo, gunane kanggo nindhihi wayang supaya ora mlesa-mlese.
4.
Carane
ngempakake tatah sarana dithuthuk karo gandhen. Tatahe ana werna-werna, yaiku
tatah bedhahan, tatah unton-unton, tatah trentenan, lan tatah tatasan. Kang
luwih disit ditatah yaiku perangan ngarep, mendhuwur tekan ing praen. Kang
pungkasan natah perangan mata. Sakwise ditatah kabeh, pakaryan sabanjure
nyungging. Nyungging utawa nggambari nganggo warna kang cocok. Warna putih
digawe saka glepur balung dicampur ancur. Warna kuning saka watu atal. Warna
biru saka nila werdi. Warna ireng saka langes. Warna abang saka gincu abang.
5.
Cempurit
yaiku garan wayang supaya bisa diobahake ing pagelaran.
Gladen 18 kaca 36
1.
Kodhok
= teka-teka ndhodhok.
2.
Guru
= digugu lan ditiru.
3.
Prajurit = prawira jujur lan irit.
4.
Tuwa = untune wis rowa, ngenteni metune nyawa.
5.
Sirah = isine rah/getih.
6.
Wedang = dienggo
gawe kadang.
7.
Garwa = sigaraning nyawa.
8.
Gedhang = saged
padhang, digeget sabubaring madhang.
9.
Cengkir = kencenge
pikir.
10.
Gelas = yen tugel angel dilas.
Gladen 19 kaca 37
1.
Arum
jamban = banger banget.
2.
Bening
leri = mrengut bae.
3.
Banter
keyong = alon banget.
4.
Pait
madu = manis banget.
5.
Anteng
kitiran = rogeh/akeh banget.
6.
Abot
kapuk = enteng banget.
7.
Abang
dluwang = pucet banget.
8.
Suwe
banyu sinaring = cepet banget.
9.
Kur
semangka = lemu banget.
10.
Agal
glepung = lembut banget.
Gladen 20 kaca 37
1.
Kebak
luber kocak-kacik. Tegese wong kang owah pikirane lumrahe kabotan ngelmu gaib.
2.
Lahang
karoban manis. Tegese wong kang rupane bagus/ayu wewatke uga apik.
3.
Nabok
nyilih tangan. Tegese namakake penggawe ala sarana kongkonan.
4.
Kocak
iku tanda lukak. Tegese wong kang sugih omong (umuk) pratanda durung akeh
kawruhe.
5.
Suduk
gunting tatu loro. Tegese nindakake sawijining pakaryan, wasanane nandang
kapitunan luwih saka sawarna.
6.
Nyangoni
kawula minggat. Tegese ndandani barang kang wis rusak banget.
7.
Nitipake
daging saerap. Tegese tetembungan wong kang masrahake anake wadon marang wong
lanang kang ngarah bojo wadon mau.
8.
Ngaub
ngisor awar-awar. Tegese ngawula marang wong mlarat utawa marang wong kang ora
nduweni paguwasa.
9.
Ceblok
alu. Tegese wong loro nggarap pegaweyan, tumindak gilir gumanti (gentenan).
10.
Ngregem
kemarung. Tegese wong momong kang angel aten-atene utawa agawe cilakane wong sing
momong.
Gladen 21 kaca 39
Tembung andhahan tembung
lingga ater-ater
1.
Pinakeman pinakem -an.
2.
Pinakem pakem -in.
3.
Dipenekake penek di +
ake.
4.
Dipeneki penek di +
i.
5.
Dipenek penek di +
6.
Dakgoleki golek dak
+ i.
7.
Nggoleki golek ng +
i
8.
Digoleki golek di +
i
9.
Candhak-cinandhak candhak -in.
10.
Pinakemake pakem -in +
ake.
Garapan ing omah 10
kaca 39
1.
Mupus = Rimbag tanduk kriya wantah.
2.
Nuko = Rimbag tanduk kriya wantah.
3.
Menthungi = Rimbag
tanduk i-kriya
4.
Nulungi = Rimbag
tanduk i-kriya
5.
Nabrakake = Rimbag
tanduk ke-kriya
6.
Mbalangake = Rimbag
tanduk ke-kriya
7.
Dakpacul = Rimbag
tanggap utama purusa (wantah –i, ke-kriya).
8.
Kojupuk = Rimbag
tanggap madyama purusa (wantah –i, ke-kriya).
9.
Kagendhong = Rimbag
tanggap ka- (wantah –i, ke-kriya).
10.
Serat-sinerat = Rimbag
tanggap tarung.
Gladen 22 kaca 41
1.
Kethoprak
yaiku sawijining kesenian rakyat Jawa Tengah ananging uga tinemu ing Jawa
Timur.
2.
Anane
gegayutan karo pagelaran teater para narapraja, mula pagelaran kethoprak bisa
dibedakake mangkene :
a) Kotekan lesung iku
mula bukane kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran kethoprak,
critane dongeng.
b) Kethoprak lesung
wiwitan : wiwitane saka kotekan lesung ana jogedane lan jangkep karo crita
panguripane wong tani.
c) Kethoprak lesung :
mujudake pagelaran jangkep lan nganggo crita rakyat kairing gamelan kayata ;
kendhang, suling, terbang, lesung.
d) Kethoprak gamelan :
tetabuhan pangiring luwih jangkep, critane Raden Panji, agemane Mesiran
(Baghdad).
e) Kethoprak gamelan :
pagelarane ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Pendhapa
gedung/panggung, mula banjur diarani kethoprak pendhapa, critane ngemungake
crita babad, dipagelarake nganti saprene.
f) Kethoprak panggung ;
ngawujudake pagelaran kethoprak kang pungkasan, yaiku kethoprak kang
dipagelarake ing panggung, critane wis maneka warna, carita rakyat, babad,
carita adaptasi saka manca, lsp, sandhangane luwih jangkep.
3.
Crita
kang dipentasake ing kethopra werna-werna, wiwit saka dongeng, crita rakyat,
babad, legenda, crita meak, panji, crita adaptasi manca.
4.
Perangkat
kang ngiringi kethoprak ; kendhang, saron, kethuk, kenong, kempul, lan gong
bumbung (gong kemada). Gamelan jangkep umume nganggo suling utawa terbang, lan
keprak. Para paraga kudu pinter akting, pinter nembang, lan pinter joged.
Gladen 23 kaca 42
1.
Amarga
dhuwite mepet anggone dandan mung tambal
sulam.
2.
Ngerti
yen ora lulus ujian, anggone nangis nganti
gulung koming.
3.
Kanggo
nyekolahake anake le nyambut gawe nganti nungsang
jempalik.
4.
Bocah
ora ndalan, mula ya ora ana duga kirane.
5.
Ibu
anggone nggulawentah putra kanthi rasa welas
asih.
6.
Indonesia
kalebu negara kang gemah ripah, loh
jinawi.
7.
Saka
cilik wis kerep lara lapa, mula
saiki kari wibawane.
8.
Wayang
kalebu budaya kang adi luhung amarga
ngemot piwulang kang bisa kanggo tepa
palupi sajroning urip.
9.
Wis
dielekake aja seneng tukar padu kok
ngeyel bae.
10.
Wong
kang dawa tangane senengane colong jupuk
darbeke liyan.
Gladen 24 kaca 43
1. Dalan menyang daleme
simbahku menggak-menggok.
2. Bocah kok mung tura-turu bae, gek ndang adus kono.
3. Sapa ta sing lara
dhik? Kok awit esuk kowe bola-bali
nyang rumah sakit.
4. Wis gek ndhang merem
ora mung kelap-kelip bae, sesuk ra
bisa tangi esuk lho.
5. Kabeh wis sarujuk
mula banjur padha monthuk-manthuk.
6. Kowe ki apa rak kesel
ta, wira-wiri ngalor ngidul wiwit
mau.
7. Mbakl, adhimu kae
ngopo ta? Kok mung nongas-nangis apa
ana sing ilang?
8. Mulane yen
diterangake digatekake, mengko yen nggarap ben ora tokan-takon bae.
9. Aja mbengak-mbengok ta bapak ki lagi sare.
10. Wis ta aja tonga-tangi dhisik ben enggal mari
larane.
Gladen 25 kaca
43 (tembung kosok balen)
1.
Adhem X
Panas. 6. Cuwer
X Kenthel.
2.
Anggak X
Grapyak 7. Mentes
X Gabug.
3.
Jujur X
Culika 8. Rampung
X Wiwit.
4.
Bathi X Rugi 9. Ngati-ati
X Sembrana.
5.
Cethil X Loma 10. Kesed
X Sregep
Ulangan Harian kaca
44
1.
C 6. C 11. D
2.
A 7. C 12. E
3.
E 8. A 13. E
4.
A 9. E 14. A
5.
D 10. B 15. E
1.
Wis
kebak sundukane. Tegese wis akeh dosane.
2.
Bebek
diwuruki nglani. Tegese wong wis pinter diwuruki.
3.
Ngaub
ngisor awar-awar. Tegese njaluk pitulungan marang wong kang ringkih.
4.
Kaya
welut dilegani. Tegese anggone padu pinter banget.
5.
Kebak
luber kocak-kacik. Tegese wong sing kakehen ngelmu malah bisa owah pikirane.
6.
Nututi
layangan pedhot. Tegese nututi barang remeh ora korup karo rekasane.
7.
Emprit
abuntut bedhug. Tegese perkara cilik tundhone dadi perkara gedhe.
8.
Emban
cinde emban siladan. Tegese ora adil.
9.
Ngubak-ubak
banyu bening. Tegese gawe rusuh ing papan tentrem.
10.
Awak
pendhek budi ciblek. Tegese wong mlarat dijaluki.
1.
Wayang
wiwit ana jaman Sri Jaya Baya jumeneng nata ing Kediri wiwit taun 939.
2.
Basa
krama digunakake ngomong marang wong kang statuse luwih dhuwur.
3.
Ukara
kang wasesane ulih ater-ater anuswara (m, n, ng, ny) diarani ukara tanduk (kal.
Aktif).
4.
Januari
kerata basane udan saben ari.
5.
Brintik
linggis kerata basane lurus banget, kaku banget.
6.
Wedhus
diumbar ing pedaringan. Tegese
kesenengan amarga nemoni barang sing dibutuhake.
7.
Kuciwo
tegese padha karo gelo.
8.
Tembung
lingga kang wis diater-ateri, diseseli, utawa dipanambangi diarani rimbag.
9.
Dakgawa,
dakgawani, kalebu rimbag tanggap utama purusa.
10.
Bola-bali,
mloka-mlaku, wira-wiri, kalebu dwilingga salin swara.
1. Piranti ing pagelaran
wayang yaiku ; kelir, debog, kayon, keprak, kothak, cempala, blencong, gamelan,
wayang.
2. Bab-bab kang bisa
ngalang-alangi wong bisa maca cepet, yaiku
a) Ora konsentrasi.
b) Maca kanthi
disuarakake, ana ing lesan utawa ana ing batin.
c) Ngematake tembung
siji lan sijine, arahe mripat ana ing fokus satembung.
d) Maca mundur (regresi),
yaiku maca durung ulih saukara wis dibaleni saka ngarep andadekake utuhing
makna ukara kabur.
e) Kesuwen mandheg ana
ing sawijining tembung sing dikira ora ati dimangerteni tegese, kamangka
tembung-tembung kaya mau kalamangsa katangkep maknane yen wus rampung maca
wacan sawutuhe.
3. Kathuthuk = rimbag
tanggap madyama purusa,
Dakgoleki = rimbag
tanggap utama purusa,
Pinakem = rimbag
tanggap,
Kojiwit = rimbag
tanggap utama purusa.
4.
Gedhang
kerata basane : saged padhang, digeget bubar madhang.
Maling kerata basane
= njupuk amale wong sing ora eling.
5.
Anane
gegayutan karo pagelaran teater para narapraja, mula pagelaran kethoprak bisa
dibedakake mangkene :
a) Kotekan lesung iku
mula bukane kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran kethoprak,
critane dongeng.
b) Kethoprak lesung
wiwitan : wiwitane saka kotekan lesung ana jogedane lan jangkep karo crita
panguripane wong tani.
c) Kethoprak lesung :
mujudake pagelaran jangkep lan nganggo crita rakyat kairing gamelan kayata ;
kendhang, suling, terbang, lesung.
d) Kethoprak gamelan :
tetabuhan pangiring luwih jangkep, critane Raden Panji, agemane Mesiran
(Baghdad).
e) Kethoprak gamelan :
pagelarane ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Pendhapa
gedung/panggung, mula banjur diarani kethoprak pendhapa, critane ngemungake
crita babad, dipagelarake nganti saprene.
f) Kethoprak panggung ;
ngawujudake pagelaran kethoprak kang pungkasan, yaiku kethoprak kang
dipagelarake ing panggung, critane wis maneka warna, carita rakyat, babad,
carita adaptasi saka manca, lsp, sandhangane luwih jangkep.
Gladen 26 kaca 53
1.
Tulisan
aksara jawa pada kapisanan. Poma kaki padha dipuneling, ing pitutur ingong,
sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, ruruh sarta wasis,
samubarangipun.
2.
Tulisan
aksara jawa pada kapindho. Aja turu sore kaki, ana dewa nganglang jagad,
nyangking bokor kencanane, isine donga tetulak, sandhang kalawan pangan, yaiku
bageyanipun, wong melek sabar narima.
3.
Tulisan
aksara jawa pada katelu. Nanging lamun anggeguru kaki, amiliha manungsa kang
nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruhing kukum, kang ngibadah lan
kang wirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawehing
liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
4.
Kinanthi
Kukuse
dupa kumelun
Ngeningken
tyas sang apekik
Kawengku
sagung jajahan
Nanging
sanget angikibi
Sang
Resi Kaneka Putra
Tumurun
saking wiyati
Gladen 28 kaca 57
1.
Wewalere
mbedhahake jala yaiku, sing sapa mbedhahake jala, bakal kena paukuman yaiku
dicemplungake ing segara.
2.
Paraga
antagonise yaiku Prabu Pandhu Bregola.
3.
Sing
dicemplungake segara yaiku Gareng.
4.
Lakone
wayang yaiku Prabu Pandhu Bregola.
5.
Garwane
Janakan ngidam kepengin iwak wader bang sisik kencana mata kumala.
6.
Saranane
nganggo jala.
7.
Kang
ndherekake Janaka ; Semar, Gareng, Petruk.
8.
Paraga
ing crita ; Wara Sembadra, Janaka, Semar, Gareng, Petruk, lan Prabu Pandhu
Bregola.
9.
Janaka
pandhawa nomer telu (Pandhadha).
10.
Dasanamane
Janaka = Arjuna, Permadi, Dananjaya, Kumbang Ali-ali, lsp.
Garapan ing omah 13 kaca 58
1.
Aku
tangi turu.
2.
Riko
tuku buku.
3.
Ibu
lagi maca buku.
4.
Darmono
nggoreng tempe.
5.
Yanti
lagi sinau.
Gladen 29 kaca 58
1.
Ndadak
isin banget, sepur bae mundur ora isin jare. Karepe supaya ora isin.
2.
Lakune
bante banget, ora kalah karo keyong. Karepe rindhik banget.
3.
Mesakake
temen saiki kuru, ning kurugan daging. Karepe lemu banget.
4.
Anake
gelungan ibune ngrembyang. Karepe pakis.
5.
Ing
dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran. Karepe ngundhuhi klapa.
6.
Kewan
sing sirahe, mripate, cangkeme, irunge, pokoke kabeh ning sikil. Karepe anak
pithik kepidhak.
7.
Ngarep
ireng, mburi ireng, sing tengah menthentheng. Karepe wong mikul areng.
8.
Pithik
walik saba meja. Karepe sulak.
9.
Sega
sakepel dirubung tinggi. Karepe salak.
10.
Yen
cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. Karepe geni.
Ulangan harian kaca 59
1.
E 6. C.
2.
C 7. B.
3.
E. 8. B.
4.
D. 9. A.
5.
C. 10. D.
1.
Wonten
sabin pak tani nanem pantun.
2.
Raden
Gathutkaca satriya ing Pringgodani.
3.
Saptawara
yaiku radite, soma, anggara, budha, respati, sukra, lan tumpak.
4.
Luhuring
budaya hangangkat drajading bangsa.
5.
Pancawara
yaiku jenar, palguna, cemengan, kasih, manis.
LATIHAN ULANGAN
PUNGKASANING SEMESTER KACA 60
1.
D 11. B 21. B
2.
A 12. C 22. A
3.
C 13. E 23. E
4.
C 14. D 24. A
5.
D 15. A 25. E
6.
A 16. D 26. C
7.
D 17. C 27. A
8.
A 18. A 28. D
9.
B 19. B 29. C
10.
B 20. C 30. C
1.
Sulap
= yen kesusu bakal dibalap.
2.
Tuwa = untune wis rowa, ngenteni metune nyawa.
3.
Kupluk = kau tur nyempluk.
4.
Guru = digugu lan ditiru.
5.
Saru = kasar lan kleru.
6.
Krikil = keri ing sikil.
7.
Pebruari = yen mepe mburu ari.
8.
Gedhang = saged padhang, digeget bubar madhang.
9.
Bapak = bab apa-apa pepak.
10. Maling = njupuk amale wong sing ora eling.
1.
Paraga
kang watake becik = protagonis.
2.
Wayang
biasane digawe saka walulang, kayu, godhong, kain, lsp.
3.
Sing
nglakokake wayang yaiku dhalang.
4.
Rumus
ngitung maca cepet = MC = JT
W
5.
Bocah
kerata basane = yen mangan kaya kebo pegaweyane ora kecacah.
6.
Utange
arang wulu kucing = akeh banget.
7.
Kethoprak
kalebu kesenian rakyat ing Jawa Tengah.
8.
Tembung
dwipurwa.
9.
Basa
krama alus.
10. Gamelan.
1.
/
2.
/
3.
/
4.
/
5.
/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar