PARIBASAN BEBASAN SANEPAN LAN SALOKA
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg
panggonane ora ngemu surasa pepindhan lan nduweni teges wantah (makna
denotasi). Dene bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane nduweni teges
entar (makna kias/konotasi), ananging ngemu surasa pepindhan kang dipeindhakake
kahanane manungsa utawa barang.
Sanepan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane
ngemu teges kosok balen, dene saloka yaiku unen-unen kang ajeg panggonane,
nduweni teges entar (makna kias/konotasi), ngemu surasa pepindhan, kang
dipindhakake kahanane barang utawa manungsa, lan nganggo jenenge kewan.
Tuladha
Paribasan Bebasan Sanepan lan Saloka :
1.
Adhang-adhang tetese
embun.
Tegese : Njagakake barang mung sak
oleh-olehe.
2.
Adigang adigung
adiguna.
Tegese : Ngendhel-ngendhelake
kekuwatane, keluhurane, lan kapinterane.
3.
Aji godhong garing.
Tegese : Wis ora ana ajine / asor
banget.
4.
Ana catur mungkur.
Tegese : Ora gelem ngrungokake
rerasan kang ora becik.
5.
Ana adulate ora ana
begjane – (untup-untup).
Tegese : Arep nemu kabegjan, nanging
ora sida.
6.
Ana gula ana semut.
Tegese : Panggonan sing akeh
rejekine, mesti akeh sing nekani.
7.
Anak polah bapa
kepradah.
Tegese : Tingkah polahe anak dadi
tanggungane wong tuwa.
8.
Anggenthong umos.
(rembes/bocor).
Tegese : Wong kang ora bisa nyimpen
wewadi.
9.
Angon mangsa.
Tegese : Golet wektu kang prayoga
kanggo tumindak.
10.
Angon ulat ngumbar
tangan. (pandeleng).
Tegese : Ngulatak kahanan yen limpe
banjur dicolong.
11.
Arep jamure emoh
watange. – (gothek).
Tegese : Gelem kepenake ora gelem
rekasane.
12.
Asu rebutan balung.
Tegese : Rebutan barang kang sepele.
13.
Asu belang kalung
wang.
Tegese : Wong asor nanging sugih
banda.
14.
Asu gedhe menang
kerahe. (tukaran).
Tegese : Wong kang dhuwur pangkate,
mesthi bae luwih gedhe panguwasane.
15.
Asu marani gebuk.
Tegese : Njarag marani bebaya.
16.
Ati bengkong oleh
oncong. (obor – konco).
Tegese : Wong duwe niyat ala oleh
dalan.
17.
Baladewa ilang
gapite. (jepit wayang).
Tegese : ilang kekuwatane /
keluhurane.
18.
Banyu pinerang ora
bakal pedhot. (disigar).
Tegese : Pasulayane sedulur ora bakal
medhotake pasedulurane.
19.
Bathang lelaku.
Tegese : Lunga ijen ngambah panggonan
kang mbebayani.
20.
Bathok bolu isi
madu. (bolong telu).
Tegese : Wong asor nanging sugih
kapinteran.
21.
Blaba wuda. (loman).
Tegese : Saking lomane nganti awake
dhewek ora keduman.
22.
Bebek mungsuh
mliwis.
Tegese : Wong pinter mungsuh wong
pinter.
23.
Becik ketitik ala
ketara.
Tegese : Becik lan ala bakal ketara
ing tembe mburine.
24.
Belo melu seton.
Tegese : Anut grubyug ora ngerti
karepe/rembuge.
25.
Beras wutah arang
bali meyang takere.
Tegese : Barang kang wis owah ora
bakal bali kaya maune.
26.
Mbidung api rowang.
Tegese : Ethok-ethok nulungi nanging
sejatine arep ngrusuhi.
27.
Blilu tau pinter
durung nglakoni.
Tegese : Wong bodho nanging sering
nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni.
28.
Bubuk oleh leng.
Tegese : Wong duwe niat ala ulih
dalan.
29.
Bung pring petung.
Tegese : Bocah kang gelis gedhe.
30.
Buntel kadut, ora
kinang ora udud.
Tegese : Wong nyambut gawe borongan
ora oleh mangan lan udud.
31.
Mburu uceng kelangan
dheleg.
Tegese : Mburu barang sepele malah
kelangan barang kang luwih gedhe.
32.
Busuk ketekuk pinter
keblinger.
Tegese : Sing bodho lan sing pinter
padha-padha nemu cilaka.
33.
Carang canthel (pang pring).
Tegese : Ora diajak gunemen nanging
melu-melu ngrembug.
34.
Car-cor kaya kurang
janganan.
Tegese : Ngomong ceplas-ceplos ora
dipikir disit.
35.
Cathok gawel. (timangan sabuk).
Tegese : Seneng cawe-cawe mesthi ora
diajak guneman.
36.
Cebol nggayuh
lintang.
Tegese : Kekarepan kang mokal bakal
kelakone.
37.
Cecak nguntal cagak.
Tegese : Gegayuhan kang ora imbang
karo kekuwatane.
38.
Cedhak celeng boloten.
(gupak lendhut).
Tegese : Cedhak karo wong ala bakal
katut ala.
39.
Cedhak kebo gupak.
Tegese : Cedhak karo wong ala bakal
katut ala.
40.
Ciri wanci lelai
ginawa mati.
Tegese : Pakulinan ala ora bisa
diowahi yen durung nganti mati.
41.
Cincing-cincing
meksa klebus.
Tegese : Karepe ngirit nanging malah
entek kabeh.
42.
Criwis cawis.
Tegese : Seneng maido nanging ya
seneng menehi / marahi / muruki.
43.
Cuplak
andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake.
Tegese : Wong kang njalari ala becike
disingkirake.
44.
Dadiya banyu emoh
nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut.
Tegese : Wis ora gelem nyanak /
ngaruh-aruhi.
45.
Dahwen pati open. (seneng nacad).
Tegese : Nacad naging sebenere melik.
46.
Dhandhang diunekake konthul, konthul diunekake dhandhang.
(gagak).
Tegese : Ala diunekake becik, becik,
diunekake ala.
47.
Desa mawa cara
negara mawa tata.
Tegese : Saben panggonan duwe cara /
adat dhewe-dhewe.
48.
Dhemit ora ndulit,
setan ora doyan.
Tegese : Tansah diparingi slamet, ora
ana kang ngrusuhi.
49.
Digarokake
dilukokake.
Tegese : Dikongkon nyambut gawe abot.
50.
Didhadhunga medhot,
dipalangana mlumpat.
Tegese : Wong kang kenceng karepe,
ora kena dipenggak maneh.
51.
Diwenehi ati ngrogoh
rempela.
Tegese : Wis diwenehi sethithik malah
njaluk luwih akeh.
52.
Dom sumurupin banyu.
Tegese : Laku sesidheman kanggo
meruhi wewadi.
53.
Dudu sanak dudu
kadang, yen mati melu kelangan.
Tegese : Senajan wong liya nek nemoni
rekasa bakal dibelani.
54.
Duka yayah sinipi,
jaja bang mawinga-winga.
Tegese : Wong kang nesu banget.
55.
Dudutan lan anculan. (tali memeden sawah).
Tegese : Padha kethikan, sing siji
ethok-ethok ora ngerti.
56.
Durung ilang pupuk
lempuyange.
Tegese : Wong kang dianggep bocah
cilik durung ngerti apa-apa.
57.
Durung pecus keselak
besus.
Tegese : Durung sembada nanging
kepengin sing ora-ora.
58.
Eman-eman ora
keduman.
Tegese : Karepe eman malah awake
dhewe ora keduman.
59.
Emban cinde
emban siladan. (slendang – iratan pring).
Tegese : Pilih kasih, ora adil.
60.
Embat-embat celarat.
(klarap).
Tegese : Wong nyambut gawe kanthi
ngati-ati banget.
61.
Emprit abuntut
bedhug.
Tegese : Perkara sing maune sepele
dadi gedhe.
62.
Endhas gundhul
dikepeti.
Tegese : Wis kepenak ditambahi
kepenak maneh.
63.
Endhas pethak ketiban
empyak. (buthak sethithik).
Tegese : Wong kang bola-bali nemu
cilaka.
64.
Enggon welut didholi
udhet.
Tegese : Panggonane wong pinter
dipameri kepinteran sing ora sepira.
65.
Entek ngamek
kurang golet. (njupuk).
Tegese : Olehe
nguneni/ngomehi/nyeneni sekatoge.
66.
Entek jarake.
Tegese : Wis entek kesugihane.
67.
Esuk dhele sore
tempe.
Tegese : Wong kang oratetep atine
(mencla-mencle).
68.
Gagak nganggo lare
merak.
Tegese : Wong asor (cilik) tumindak
kaya wong luhur (gedhe).
69.
Gajah alingan
(amping-amping) suket teki.
Tegese : Lair lan batine ora padha,
mesthi bakal ketara.
70.
Nggajah elar.
Tegese : Sarwa gedhe lan dhuwur
kekarepane.
71.
Gajah ngidak rapah.
Tegese : Wong kang nerak/nglanggar
wewalere dhewe.
72.
Gajah perang karo
gajah, kancil mati ing tengah.
Tegese : Wong gedhe kang pada
pasulayan, wong cilik sing dadi korban.
73.
Garang garing. (katon gagah).
Tegese : wong sumugih, nanging
seatine kekurangan.
74.
Gawe luwangan nggo
ngurugi luwangan.
Tegese : Golek utangan kanggo nyaur
utang sing disit.
75.
Gayuk-gayuk tuna,
nggayuh-nggayuh luput.
Tegese : Samubarang kang dikarepake
ora bakal keturutan.
76.
Gliyak-gliyak
tumindak, sareh pakoleh.
Tegese : Senanjan alon-alon anggone
tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane.
77.
Golek banyu bening.
Tegese : Meguru golet kawruh kang
becik.
78.
Golek-golek ketemu
wong luru-luru.
Tegese : Karepe arep golet utangan
malah diutangi.
79.
Gupak pulute ora
mangan nangkane.
Tegese : Melu rekasa nanging ora melu
ngrasakake kepenake.
80.
Idu didilat maneh.
Tegese : Murungake janji kang wis
diucapkake.
81.
Iwak lumebu ing
wuwu.
Tegese : Wong kenaapus kanthi
gampang.
82.
Njagakake endhoge si
blorok.
Tegese : Njagakake barang kang durung
mesthi ana lan orane.
83.
Njajah desa
milangkori.
Tegese : Lelungan menyang endi-endi.
84.
Jalma angkara mati murka.
Tegese : Nemoni cilaka jalaran
murkane.
85.
Jalukan ora wewehan.
Tegese : Seneng njaluk ora gelem
menehi.
86.
Jati ketlusupan
ruyung.
Tegese : Kumpulane wong becik kelobon
wong ala.
87.
Jaran kerubuhan
empyak.
Tegese : Wong sing kapok (kanji)
banget.
88.
Jarit lawas ing
sampiran.
Tegese : Duwe kepinteran nanging ora
digunakake.
89.
Jer basuki mawa
beya.
Tegese : Samubarang gegayuhan
mbutuhake wragat.
90.
Njujul muwul.
Tegese : Perkara kang nambah-nambahi
rekasa.
91.
Njujul ngentebake.
Tegese : Ngalembana nanging duwe niat
ngasorake.
92.
Kacang ora ninggal
lanjaran.
Tegese : Kabiyasane anak niru wong
tuwane.
93.
Kadang konang.
Tegese : Gelem ngakoni sedulur mung
karo sing sugih.
94.
Kalah cacak menang
cacak.
Tegese :Samubarang pegaweyan luwih
becik dicoba disit bisa lan orane.
95.
Kandhang langit,
banthal ombak, kemul mega.
Tegese : Wong kang oraduwe papan
panggonan.
96.
Katepang ngrangsang
gunung.
Tegese : Kagedhen karep/panjangka,
mokal bisa klakon.
97.
Katon kaya cempaka
sewakul. (emas).
Tegese : Tansah disenengi wong akeh.
98.
Kaya banyu karo
lenga.
Tegese : Wong kang ora bisa rukun.
99.
Kakehan gludhug
kurang udan.
Tegese : Akeh omongane ora ana
nyatane.
100.
Kebanjiran segara
madu,
Tegese : Nemu kabegjan kan gedhe
banget.
101.
Kebat kliwat,
gancang pincang.
Tegese : Tumindhak kesusu mesthi ora
kebeneran.
102.
Kebo bule mati
setra.
Tegese : Wong pinter nanging ora ana
kang merlokake.
103.
Kebo ilang tombok
kandhang.
Tegese : Wis kelanga ngetokake wragad
maneh kanggo nggoleti malah ora ketemu pisan.
104.
Kebo kabotan sungu.
Tegese : Rekasa uripe sebab kakehen
anak.
105.
Kebo lumumpat ing
palang.
Tegese : Ngadili perkara ora nganggo
waton.
106.
Kebo mulih menyang
kandhange.
Tegese : Wong lunga adoh bali menyang
omahe maneh.
107.
Kebo nusu gudel.
Tegese : Wong tuwa njaluk wuruk
marang wong enom.
108.
Kegedhen empyak
kurang cagak.
Tegese : Kegedhen kekarepan nanging
kurang sembada.
109.
Kejugrugan gunung
menyan.
Tegese : Oleh kabegjan kang gedhe
banget.
110.
Kekudhung walulang
macan.
Tegese : Ngapusi nggawe jenenge wong
kang diwedeni.
111.
Kelacak kepathak.
Tegese : Ora bisa mungkir, jalaran
wis kebukten.
112.
Kena iwake aja nganti
buthek banyune.
Tegese : Sing dikarepake bisa klakon
ning aja nganti gawe rusak/rame.
113.
Kencana katon
wingka.
Tegese : Senajan apik nanging ora
disenengi.
114.
Kendel ngringkel,
dhadhag ora godag.
Tegese : Ngakune kendel tur pinter,
jebule ora jirih tur bodho.
115.
Kenes ora enes.
Tegese : Wong sugih umuk nanging
bodho.
116.
Keplok ora tombok.
Tegese : Wong senengane maido thok,
ora gelem melu ngrewangi.
117.
Kere munggah mbale.
Tegese : Batur di arah bojo dening
majikane.
118.
Kere nemoni malem.
Tegese : Wong kang bedhigasan/serakah.
119.
Kerot ora duwe
untuk.
Tegese : Duwe kekarepan nanging ora
duwe bandha/wragad.
120.
Kerubuhan gunung.
Tegese : Wong nemoni kesusahan sing
gedhe banget.
121.
Kesandung ing ratan,
kebentus ing tawang.
Tegese : Oleh cilaka sing ora
dinyana-nyana.
122.
Ketula-tula ketali.
Tegese : Womng kang tansah nandang
sengsara.
123.
Kethek seranggon.
Tegese : Kumpulane wong kang tindak
ala.
124.
Kleyang kabur
kanginan, ora sanak ora kadang.
Tegese : Wong kang ora duwe
panggonan/umah kang tetep.
125.
Klenthing wadah
masin.
Tegese : Angel ninggalae pakulinan
ala.
126.
Kongsi jambul wanen.
Tegese : Nganti tumeka tuwa banget.
127.
Krokot ing galeng.
Tegese : Wong kang mlarat banget.
128.
Kriwikan dadi
grojogan.
Tegese : Prakara kang maune cilik
dadi gedhe.
129.
Kumenthus ora pecus.
Tegese : Seneng umuk nanging ora
sembada.
130.
Kurung munggah
lumbung.
Tegese : Wong asor/cilik didadekake
wong gedhe.
131.
Kuthuk nggendhog
kemiri.
Tegese : Manganggo kang sarwa
apik/aji liwat dalan kang mbebayani.
132.
Kuthuk marani
sundhuk. (Ula marani gebug).
Tegese : Njarag marani bebaya.
133.
Kuncung nganti
tumeka gelung.
Tegese : Suwe banget anggone
ngenteni.
134.
Ladak kecangklak.
Tegese : Wong kang angkuh nemoni
pakewuh marga tumindake dhewe.
135.
Lahang karoban
manis.
Tegese : Rupane bagus/ayu tur luhur
bebudine.
136.
Lambe satumang kari
samerang.
Tegese : dituturi bola-bali meksa ora
digugu.
137.
Lanang kemangi.
Tegese : Wong lanang kang jirih.
138.
Legan golek
momongan.
Tegese : Wis kepenak malah golet
rekasa.
139.
Lumpuh ngideri
jagat.
Tegese : Duwe kekarepan kang mokal
keturutan.
140.
Maju tatu mundur
ajur.
Tegese : Prakara kang sarwa pakewuh.
141.
Matang tuna numbak luput. (nyogrok)
Tegese : Tansah luput kabeh
penggayuhe.
142.
Mbuwang tilas.
Tegese : Ethok-ethok ora ngerti
marang tumindake kang ala sing lagi dilakoni.
143.
Meneng widara
uleran.
Tegese : katone anteng nanging
sejatine atine ala.
144.
Menthung koja kena sembagine. (saudagar - kain
klambi)
Tegese : Rumangsane ngapusi, nanging
sejatine malah kena apus.
145.
Merangi tatal.
Tegese : Mentahi rembug kang wis
mateng.
146.
Mikul dhuwur mendhem
jero.
Tegese : Bisa njunjung drajate wong
tuwa.
147.
Milih-milih tebu
oleh boleng.
Tegese : Kakehen milih, wekasan oleh
kang ora becik.
148.
Mrojol selaning
garu.
Tegese : Wong kang luput saka bebaya.
149.
Mubra-mubru, mblabar
madji.
Tegese : Wong sing sarwa kecukupan.
150.
Nabok nyilih tangan.
Tegese : Tumindak ala kanthi
konkongan wong liya.
151.
Ngagar metu kawul.
Tegese : Ngojok-ngojoki supaya dadi
pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan.
152.
Ngajari bebek
nglangi.
Tegese : Penggaweyan kang ora ana
paedahe.
153.
Ngalasake negara.
Tegese : Wong sing ora manut
pranatane negara.
154.
Ngalem legining
gula.
Tegese : ngalembana kapinterane wong
kang pancen pinter/sugih.
155.
Ngaturake kidang
lumayu.
Tegese : Ngaturake barang kang wis
ora ana.
156.
Nglungguhi klasa
gumelar.
Tegese : Nindakake pegaweyan kang wis
tumata.
157.
Ngontragake gunung.
Tegese : Wong cilik asor bisa
ngalahake wong luhur/gedhe nganti gawe kagete wong akeh.
158.
Nguthik-uthik maam
dhedhe.
Tegese : Njarag wong kang wis lilih
nepsune.
159.
Nguyahi segara.
Tegese : Weweh marang wong sugih kang
ora ana pituwase.
160.
Nucuk ngiberake.
Tegese : Wis disuguhi mangan, mulih isih
mbrekati.
161.
Nututi layangan
pedhot.
Tegese : Nggoleti barang sepele sing
wis ilang.
162.
Nyangoni kawula
minggat.
Tegese : Ndandani barang kang tansah
rusak.
163.
Nyolong pethek.
Tegese : Tansah mleset saka
pametheke/pambatange.
164.
Obah ngarep kobet
mburi.
Tegese : Tumindake panggedhe dadi
panutane kawula alit.
165.
Opor bebek, mentas
awake dhewek.
Tegese : Rampung saka rekadayane
dhewe.
166.
Ora ana banyu mili
mangdhuwur.
Tegese : Watake anak biasane niru
wong tuwane.
167.
Ora ana kukus tanpa
geni.
Tegese : Ora ana akibat tanpa sebab.
168.
Ora gonjo ora unus.
Tegese : Wong kang ala rupane tur ala
atine.
169.
Ora mambu enthong
irus.
Tegese : Dudu sanak dudu kadang.
170.
Ora tembung ora tawung.
(aruh-aruh)
Tegese : Njupuk barange liyan tanpa
kandha disik.
171.
Ora uwur ora sembur.
Tegese : Ora gelem cawe-cawe babar
pisan.
172.
Ora kinang ora udud.
Tegese : Ora mangan apa-apa.
173.
Othak athik didudut
angel.
Tegese : Guneme sajak kepenak, bareng
ditemeni jebuli angel.
174.
Palang mangan
tandur.
Tegese : Diwenehi kepercayaan nanging
malah gawe kapitunan.
175.
Pandengan karo
srengenge.
Tegese : Memungsuhan karo panguwasa.
176.
Pandhitane antake.
Tegese : Laire katone suci batine
ala.
177.
Pecruk tunggu
bara. (manuk pangane iwak)
Tegese : Dipasrahi barang kang dadi
kesenengane.
178.
Pithik trondhol
diumbar ing pedaringan.
Tegese : Wong ala dipasrahi barang
kang aji, wekasane malak ngenthek-entheki.
179.
Pupur sadurunge
benjut.
Tegese : Ngati-ati mumpung durung
cilaka.
180.
Rampek-rampek
kethek.
Tegese : Nyedhak-nyedhak mung arep
gawe kapitunan.
181.
Rawe-rawe rantas
malang-malang putung.
Tegese : Samubarang kang
ngalang-alangi baal disingkirake.
182.
Rebut balung tanpa
isi.
Tegese : Pasulayan merga barang kang
sepele.
183.
Rindhik asu
ginithik.
Tegese : Dikonkon nindhakake
pegaweyan kang cocok karo kekarepane.
184.
Rupa nggendhong
rega.
Tegese : Merga barange apik mulane
regane ya larang.
185.
Rukun agawe sentosa,
crah agawe bubrah.
Tegese : Yen padha rukun mesthi
sentosa, yen padha congkrah mesthi bakal bubrah/rusak.
186.
Sabar sareh mesthi
bakal pikoleh.
Tegese : Tumindak samubarang aja
kesusu.
187.
Sabaya pati, sabaya
mukti.
Tegese : Kerukunan kang nganti tekan
pati.
188.
Sadumuk bathuk,
sanyari bumi.
Tegese : Pasulayan nganti dilabuhi
tekan pati.
189.
Sandhing kebo gupak.
Tegese : Cedhak wong tumindak ala,
bisa-bisa katut ala.
190.
Satru mungging
cangklakan.
Tegese : Mungsuh wong kang isih sanak
sadulur.
191.
Sadhakep ngawe-awe.
Tegese : Wis ninggalake tumindak ala,
nanging ing batin isih kepengin nglakoni maneh.
192.
Sembur-sembur adus,
siram-siram bayem.
Tegese : Bisa kaleksanan marga oleh
pandongane wong akeh.
193.
Sepi ing pamrih rame
ing gawe.
Tegese : Nindakake pegaweyan kanthi
ora duwe kemelikan apa-apa.
194.
Sing sapa salah
bakal seleh.
Tegese : Sapa sing salah bakal
konangan.
195.
Sluman slumun
slamet.
Tegese : Senajan kurang ngai-ati,
nanging isih diparingi slamet.
196.
Sumur lumaku
tinimba, gong lumaku tinabuh.
Tegese : Wong kang kumudu-kudu
dijaluki piwulang/ditakoni.
197.
Tebu tuwuh socane.
Tegese : Prakara kang wis apik,
bubrah marga anasing ngrusuhi.
198.
Tega larane ora tega
patine.
Tegese : Senajan negakake rekasane,
nanging isih menehi pitulung.
199.
Tekek mati ulone.
Tegese : Nemoni cilaka sebab omongane
dhewe.
200.
Tembang rawat-rawat
ujarembok bakul sinambiwara.
Tegese : Kabar kang durung mesthi
slah lan benere.
201.
Timun jinara.
Tegese : Prakara gampang banget.
202.
Timun mungsuh duren.
Tegese : Wong cilik mungsuh
panguwasa, mesthi kalahe.
203.
Timun wungkuk jaga
imbuh.
Tegese : Wong bodho kanggone mung yen
kekurangan bae.
204.
Tinggal glanggang
colong playu.
Tegese : Ninggalake papan pasulayan.
205.
Tulung menthung.
Tegese : Katone nulungi, jebule malah
ngrusuhi.
206.
Tumbak cucukan.
Tegese : Wong sing seneng ngadu-adu.
207.
Tuna sathak,
bathi sanak. (dhuwit sithik).
Tegese : Rugi bandha, nanging bathi
paseduluran.
208.
Tunggak jarak
mrajak, tunggak jati mati.
Tegese : Prakara ala ngambra-ambra,
prakara becik kari sethithik.
209.
Ucul saka kudangan.
Tegese : Luput karo gegayuhane.
210.
Ulat madhep ati
mantep.
Tegese : Wis mantep banget
kekarepane.
211.
Undhaking pawarta
sudaning kiriman.
Tegese : Biasane pawarta iku beda
karo kanyataane.
212.
Ungak-ungak pager
arang.
Tegese : Ngisin-isini.
213.
Welas temahan lalis.
(mati).
Tegese : Karepe welas nanging malah
gawe kapitunan.
214.
Wis kebak sundukane.
Tegese : Wis akeh banget kaluputane.
215.
Wiwit kuncung nganti
gelung.
Tegese : Wiwit cilik nganti gedhe
tuwa.
216.
Yitna yuwana lena
kena.
Tegese : Sing ngati-ati bakal slamet,
sing sembrana bakal cilaka.
217.
Yiyidan mungging rampadan.
(cecawis panganan)
Tegese : Biyene wong durjana/culika,
saiki dadi wong alim.
218.
Yoga anyangga yogi.
Tegese : Murid nirokake piwulange
guru.
219.
Yuwana mati lena.
Tegese : Wong becik oleh cilaka,
marga kurang ati-ati.
220.
Yuyu rumpung mbarong
range.
Tegese : Omahe magrong-magrong
nanging sejatine mlarat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar