Selasa, 09 Februari 2016

ARANE RIMBAG / NGRIMBAG TEMBUNG

Tembung kang durung owah saka asale diarani tembung lingga (kata dasar). Dene tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi wuwuhan (imbuhan) diarani tembung andhahan (kata berimbuhan. Wuwuhan kang digunakake kanggo gawe tembung andhahan yaiku awujud ater-ater (awala), seselan (sisipan), panambang (akhiran), utawa gabungan antarane kasebut mau. Proses saka tembung lingga dadi tembung andhahan iku kang diarani ngrimbag. Ringkese rimbag yaiku tembung sakwise diwenehi ater-ater utawa panambang utawa sisipan.
Dene rimbag punika kaperang dadi pirang-pirang, ing ngisor iki sawetara arane rimbag, yaiku :
1.     Rimbag Tanduk
Rimbag tanduk (bentuk aktif) yaiku tembung tembung arupa tembung kriya lingga (kata dasar kata kerja), utawa tembung lingga kang angsal ater-ater anuswara (=m, n, ng, ny). Rimbag tanduk menawa digawe ukara dadi ukara tanduk (kalimat aktif). Dene ciri-cirine rimbag tanduk yaiku :
a.      Jejere (subyek) nindakake pakaryan utawa pegaweyan.
b.     Wasesane (predikate) kedadeyan saka tembung kriya lingga utawa tembung lingga kang angsal ater-ater anuswara.
c.      Lesane (Obyek) dikenani pakaryan utawa pegaweyan.
Rimbag tanduk dibedakake dadi telung jinis yaiku :
1)      Rimbag tanduk kriya wantah.
Yaiku wasesane arupa tembung kriya lingga utawa tembung kriya kang angsal ater-ater anuswara.
Tuladhane : adus, dolan, aweh, tuku, turu, lsp.
macul, nulis, nggawa, nyilih, lsp
Tuladha Ukara :
Dimas adus ing sumur uput-uput.
Aku dolan menyang daleme Simbah.
Bapak macul ing sabin.
Paijem nulis surat ijin jalaran ora mangkat sekolah.
Ibu nggawa tas werna biru.
Saiman nyilih arit.
2)      Rimbag tanduk i-kriya.
Yaiku wasesane arupa tembung kriya kang angsal ater-ater anuswara lan panambang –i.
Tuladhane : mangani, nandurii, ngganteni, nyaponi, lsp
Tuladha Ukara :
Rombongan kethek mangani pisang ing alas.
Simbah nanduri palawija ing tegalan.
Paijo ngganteni ban motore.
Paiman nyaponi latar.
3)      Rimbag tanduk ke-kriya.
Yaiku wasesane arupa tembung kriya kang angsal ater-ater anuswara lan panambang –ke.
Tuladhane : maculake, nulisake, nggawakake, nyilihake, lsp
Tuladha Ukara :
Turiman maculake sawahe Pakdhe.
Turijem nulisake surat kanggo Sutrisno.
Tuminem nggawakake becerane Simbah.
Tukimin nyilihake sepatu marang Tugiman.


2.     Rimbag Tanggap
Rimbag tanggap (bentuk pasif) yaiku tembung tembung arupa tembung kriya lingga (kata dasar kata kerja), utawa tembung lingga kang angsal ater-ater tripurusa (=dak, ko, di). Rimbag tanggap menawa digawe ukara dadi ukara tanggap (kalimat pasif). Dene ciri-cirine rimbag tanggap yaiku :
a.      Jejere (subyek) dikenani pakaryan utawa pegaweyan.
b.     Wasesane (predikate) kedadeyan saka tembung kriya lingga utawa tembung lingga kang angsal ater-ater tripurusa lan seselan -in.
c.      Lesane (Obyek) nindakake pakaryan utawa pegaweyan.
Rimbag tanggap dibedakake dadi enem jinis yaiku :
1)   Rimbag tanggap utama purusa
Rimbag tanggap utama purusa kaperang malih dados tiga yaiku :
a)     Rimbag tanggap utama purusa wantah (Rimbag tanggap sananta utama purusa)
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater dak- (dak+tb lingga).
Tuladha : dakgawa, daksilih, dakjupuk, dakplintheng, lsp.
b)     Rimbag tanggap utama purusa –i kriya (Rimbag tanggap sananta utama purusa –i kriya)
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater dak-  lan panambang –i (dak + tb lingga + i).
Tuladha : daksilihi, dakparingi, daksaponi, daktukoni, lsp.
c)     Rimbag tanggap utama purusa ke-kriya(Rimbag tanggap sananta utama purusa ke-kriya)
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater dak- lan panambang ake (dak + tb lingga + ake).
Tuladha : daksampirake, dakgantungake, daktemokake, lsp.
2)   Rimbag tanggap madyama purusa
Rimbag tanggap madyama purusa kaperang malih dados tiga yaiku :
a.    Rimbag tanggap madyama purusa wantah
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater ko- (ko + tb lingga).
Tuladha : kobalang, kosuwun, kogawa, kogantung, kotuku, lsp
b.    Rimbag tanggap madyama purusa –i kriya.
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater ko- lan panambang i (ko + tb lingga + i).
Tuladha : kosaponi, kopilihi, kosalini, koganteni, kobalangi, lsp
c.    Rimbag tanggap madyama purusa ke-kriya
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater ko- lan panambang ake (ko+ tb lingga + ake).
Tuladha : kobalekake, kosawatake, kosusulake, kopamerake, lsp.
3)   Rimbag tanggap pratama purusa
Rimbag tanggap pratama purusa kaperang malih dados tiga yaiku :
a)     Rimbag tanggap pratama purusa wantah.
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater di- (di + tb lingga).
Tuladha : disambung, dipimpin, dibegal, dipangan, lsp.
b)     Rimbag tanggap pratama purusa -i kriya.
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater di- lan panambang -i (di + tb lingga + i).
Tuladha : dipilihi, disalini, dipangani, dipameri, lsp.
c)     Rimbag tanggap pratama purusa ke-kriya.
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater di- lan panambang -ake (di + tb lingga + ake).
Tuladha : diturokake, ditibakake, diujugake, disilihake, lsp.
4)   Rimbag tanggap ka
Rimbag tanggap ka kaperang malih dados tiga yaiku :
a)     Rimbag tanggap ka wantah.
Yaiku tembung angsal ater-ater ka-  (ka + tb. lingga).
Tuladha : kapacul, kablang, kagunting, kapikut, lsp.
b)     Rimbag tanggap ka i- kriya.
Yaiku tembung angsal ater-ater ka- lan panambang –i.  (ka + tb. lingga + i).
Tuladha : kasangoni, kagendhongi, kabuntheli, katukoni, lsp.
c)     Rimbag tanggap ka ke-kriya.
Yaiku tembung angsal ater-ater ka-  lan panambang –ake. (ka + tb. lingga + ake).
Tuladha : kasapokake, kaguntingake, kasawatake, lsp
5)   Rimbag tanggap na
Rimbag tanggap na yaiku tembung lingga kang angsal seselan –in. Rimbag tanggap na ugi kaperang dados tiga yaiku :
a)     Rimbag tanggap na wantah
Yaiku tembung lingga kang angsal seselan –in (-in + tb lingga).
Tuladha : binalang, ginantung, kinanthi, ginawe, ginanjar, lsp
b)     Rimbag tanggap na –i kriya
Yaiku tembung lingga kang angsal seselan –in lan panambang -i (-in + tb lingga + i).
Tuladha : sinilihi, kinantheni, ginaweni, ginawani, lsp.
c)     Rimbag tanggap na ke-kriya
Yaiku tembung lingga kang angsal seselan –in lan panambang –ake  (-in + tb lingga + ake).
Tuladha : pinaculake, binorongake, tinumbasake, lsp.
6)   Rimbag tanggap tarung
Yaiku tembung kang awujud dwilingga (kata ulang utuh) angsal seselan –in. (-in + dwilingga).
Tuladha : balang-binalang, banting-binanting, apura-ingapura, lsp

3.     Rimbag Bawa
Rimbag bawa kabedakake mekaten :
1)     Rimbag Bawa kapi
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater kapi- (kapi + tb lingga).
Tuladha : kapiluyu, kapiadreng, lsp.
2)     Rimbag Bawa kami
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater kami- (kami + tb lingga).
Tuladha : kamigilan, kamiweden, kamitenggengen, kamisesegen, lsp.
3)     Rimbag Bawa kuma
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater kuma- (kuma + tb lingga).
Tuladha : kumawani, kumalancang, lsp
4)     Rimbag Bawa ha
Yaiku tembung lingga kang angsal ater-ater a- (a + tb lingga).
Tuladha : abebed, agawe, adedamar, akekudung, apikulan, akembang, atampa, lsp.
5)     Rimbag Bawa ma
Yaiku tembung lingga kang angsal seselan -um (-um + tb lingga).
Tuladha : gumanthung, gumandhul, sumunar, cumawis, lsp.


4.     Rimbag Bawa Wacaka.
Yaiku tembung lingga kang angsa ater-ater ka- lan panambang –an (ka + tb lingga + an).
Tuladha :
Ka + luhur + an = kaluhuran.
Ka + sugih + an = kasugihan.
Ka + lurah + an = kalurahan.

5.     Rimbag Wisesana Lingga.
Yaiku tembung lingga kang angsa panambang –an (tb lingga + an).
Tuladha :
Sepatu + an = sepaton.
Sarung + an = sarungan.
Kupluk + an = kuplukan.

6.     Rimbag Wisesana Bawa ka
Yaiku tembung-tembung kang angsal ater-ater ka- lan panambang –an (ka + tb lingga + an)
Tuladha :
Ka + maling + an  =  kemalingan
Ka + rubuh + an  =  kerubuhan.
Ka + tindih + an  =  ketindihan.

7.     Rimbag Hagnya
Yaiku tembung-tembung aran kang angsal panambang –en. (tb lingga + en).
Tuladha :
Tulis + en  =  tulisen
Gambar + en  = gambaren
Pethik + en  =  pethiken.

8.     Rimbag Guna
Yaiku tembung-tembung kriya kang angsal panambang –en (tb lingga + en) lan nduweni teges nandhang utawa ketaman.
Tuladha :
Gudhig + en  =  gudhigen
Kukul + en  =  kukulen.
Wudun + en  = wudunen.

9.     Rimbag Adiguna
Yaiku tembung-tembung kang angsal ater-ater ka lan panambang an, lan nduweni tegesi kaluwihen/keliwat. Luwih/kaliwat ..........
Tuladha :
Ka + jero + an  =  kajeron.
Ka + turu + an  =  katuron.
Ka + lemu + an  =  kalemon.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar