Jumat, 05 Februari 2016

KUNCI JAWABAN LKS SMK SMT GENAP 2016

Gladen 11 kaca 27
1.      Jenise gamelan manut larase yaiku : gamelan laras slendro lan gamelan laras pelog.
2.      Jinising gamelan manut ayahane ana loro yaiku : gamelan pamurba gending la gamelan pamurba irama.
3.      Jinising gamelan manut kaperluane yaiku : gamelan kanggo karawitan mardika, gamelan kanggo ngiringi joged, gamelan kanggo ngiringi wayang, gamelan kanggo pakurmatan.
4.      Gamelan kang minangka pamurba gending yaiku rebab, gender, gambang, celempung, siter, bonang, slenthem, saron, demung, barung, penerus, suling.
5.      Gamelan kang minagkapamurba irama yaiku : kendhang, kenong, kempul, gong, kethuk, kempyang.
6.      Wayang purwa yaiku wayang kang ginawe saka walulang nyritakake jaman kadewatan lakon Prabu Parikesit. Dene wayang krucil yaiku wayang kang ginawe saka kayu, nyritakake lelakone Minakjinggo karo Damarwulan.
7.      Sing nyengkuyung pagelaran wayang kulit yaiku : dalang, pengrawit, lan sindhen.
8.      Kelir nggambarake langit, gedebog nggambarake bumi, blencong nggambarake srengenge utawa rembulan utawa lintang.
9.      Urutane pagelaran wayang kulit sawengi muput yaiku : jejer kedhaton, paseban njaba, bedholan, Limbukan, Jejer sabrang, Perang gagal, Gara-gara, Perang kembang, Perang brubuh, tancep kayon.
10.    Sumbere crita wayang kulit yaiku Buku Mahabarata karangan Mpu Wyasa lan Buku Ramayana karangan Mpu Walmiki.

Garapan ing Omah 6 kaca 27
1.      Werkudara lan Kresna.
2.      Werkudara lan Kresna duweni watak kang becik.
3.      ...................
4.      Werkudara anake Prabu Pandu kasatriane ing Jodhipati sedulure Puntadewa Arjuna Nakula Sadewa anake Gatutkaca, Antasena, Antareja, Srenggini.
Baladewa anake Prabu Basudewa ratu ing Mandura, sedulure Kresna.
Arjuna anake Prabu Pandu kasatriane ing Madukara sedulure Puntadewa Werkudara Nakula Sadewa, anake Abimanyu.
Suyudana anake Prabu Destarata ratu Ngastina, sedulure satus cacahe (Burisrawa, Durmagati, Dursilawati, Durgandasena, Ctraksa, Citraksi lsp), anake Lesmana Mandrakumara.

Gladen 12 kaca 28
1.      Tanggap.
2.      Tanggap.
3.      Tanduk.
4.      Tanduk.
5.      Tanduk.
6.      Tanduk.
7.      Tanggap.
8.      Tanduk.
9.      Tanggap.
10.    Tanggap.

Gladen 13 kaca 30
1.     Prabu Kurupati wateke alus, Patih Sengkuni wateke cruwet lan bethet, Wadya Kurawa wateke pating bedhigas, pating regudug.
2.     Sing panten ditiru wateke Prabu Kurupati.
3.     Prabu Kurupati nomer 4, Patih Sengkuni nomer 3, Raden Dursasana nomer 4, Kartamarma nomer 2, Citraksi nomer 5, Togog nomer 6, Bilung nomer 1.

Gladen 14 kaca 31
1.      Iso            = bisa.                              6.       Gak                         = ora.
2.      Marine       = bubare.                          7.       Melok                      = melu.
3.      Ancene      = pancene.                        8.       Ae                           = bae/wae.
4.      Onok         = ana.                               9.       Balik                        = bali.
5.      Polih         = maning/malih.                 10.     Ambek                    = karo.

Gladen 15 kaca 32
1.      Adhem tangane                                  6.       Pingget atine
2.      Ana ing tanganku                               7.       Mara tangan
3.      Ketiban tangan                                   8.       Dadi ati
4.      Nggugah tangan                                9.       Dawa tangane

5.      Cilik atimu                                          10.     Entek atine.

Gladen 16 kaca 33
1.      Lunga – Kesah – Tindak.                    6.       Nggawa – mbekta – ngasta.
2.      Mangan – neda – dhahar.                   7.       Tuku – tumbas – mundhut.
3.      Kowe – sampeyan – panjenengan.      8.       Sikil – suku – ampeyan.
4.      Turu – tilem – sare.                             9.       Nganggo – ngangge – ngagem.
5.      Weruh – sumerep – priksa.                 10.     Nunggang – numpak – nitih.

Gladen 17 kaca 35
1.      Kulit sing bisa digawe wayang kulit yaiku walulang kewan.
2.      Piranti sing dibutuhake kanggo gawe wayang yaiku pangot, amplas, corekan, pandukan, cempurit, cari, lan drenjem.
3.      Anggone natah ditumpangake ing pandukan. Pandukan yaiku kayu kandel tur amba kanggo tatakan natah wayang. Ing sandhuwure walulang diwenehi tindih sing bobote kira-kira rong kilo, gunane kanggo nindhihi wayang supaya ora mlesa-mlese.
4.      Carane ngempakake tatah sarana dithuthuk karo gandhen. Tatahe ana werna-werna, yaiku tatah bedhahan, tatah unton-unton, tatah trentenan, lan tatah tatasan. Kang luwih disit ditatah yaiku perangan ngarep, mendhuwur tekan ing praen. Kang pungkasan natah perangan mata. Sakwise ditatah kabeh, pakaryan sabanjure nyungging. Nyungging utawa nggambari nganggo warna kang cocok. Warna putih digawe saka glepur balung dicampur ancur. Warna kuning saka watu atal. Warna biru saka nila werdi. Warna ireng saka langes. Warna abang saka gincu abang.
5.      Cempurit yaiku garan wayang supaya bisa diobahake ing pagelaran.

Gladen 18 kaca 36
1.      Kodhok              =   teka-teka ndhodhok.
2.      Guru                   =   digugu lan ditiru.
3.      Prajurit                =   prawira jujur lan irit.
4.      Tuwa                   =   untune wis rowa, ngenteni metune nyawa.
5.      Sirah                   =   isine rah/getih.
6.      Wedang              =   dienggo gawe kadang.
7.      Garwa                 =   sigaraning nyawa.
8.      Gedhang             =   saged padhang, digeget sabubaring madhang.
9.      Cengkir               =   kencenge pikir.
10.    Gelas                  =   yen tugel angel dilas.

Gladen 19 kaca 37
1.      Arum jamban                =   banger banget.
2.      Bening leri                    =   mrengut bae.
3.      Banter keyong              =   alon banget.
4.      Pait madu                     =   manis banget.
5.      Anteng kitiran               =   rogeh/akeh banget.
6.      Abot kapuk                  =   enteng banget.
7.      Abang dluwang             =   pucet banget.
8.      Suwe banyu sinaring     =   cepet banget.
9.      Kur semangka              =   lemu banget.
10.    Agal glepung                =   lembut banget.

Gladen 20 kaca 37
1.      Kebak luber kocak-kacik. Tegese wong kang owah pikirane lumrahe kabotan ngelmu gaib.
2.      Lahang karoban manis. Tegese wong kang rupane bagus/ayu wewatke uga apik.
3.      Nabok nyilih tangan. Tegese namakake penggawe ala sarana kongkonan.
4.      Kocak iku tanda lukak. Tegese wong kang sugih omong (umuk) pratanda durung akeh kawruhe.
5.      Suduk gunting tatu loro. Tegese nindakake sawijining pakaryan, wasanane nandang kapitunan luwih saka sawarna.
6.      Nyangoni kawula minggat. Tegese ndandani barang kang wis rusak banget.
7.      Nitipake daging saerap. Tegese tetembungan wong kang masrahake anake wadon marang wong lanang kang ngarah bojo wadon mau.
8.      Ngaub ngisor awar-awar. Tegese ngawula marang wong mlarat utawa marang wong kang ora nduweni paguwasa.
9.      Ceblok alu. Tegese wong loro nggarap pegaweyan, tumindak gilir gumanti (gentenan).
10.    Ngregem kemarung. Tegese wong momong kang angel aten-atene utawa agawe cilakane wong sing momong.

Gladen 21 kaca 39
Tembung andhahan                               tembung lingga                            ater-ater
1.      Pinakeman                                      pinakem                                        -an.
2.      Pinakem                                          pakem                                          -in.
3.      Dipenekake                                     penek                                           di + ake.
4.      Dipeneki                                          penek                                           di + i.
5.      Dipenek                                          penek                                           di +
6.      Dakgoleki                                        golek                                            dak + i.
7.      Nggoleki                                         golek                                            ng + i
8.      Digoleki                                          golek                                            di + i
9.      Candhak-cinandhak                          candhak                                        -in.
10.    Pinakemake                                     pakem                                          -in + ake.

Garapan ing omah 10 kaca 39
1.      Mupus                =   Rimbag tanduk kriya wantah.
2.      Nuko                  =   Rimbag tanduk kriya wantah.
3.      Menthungi           =   Rimbag tanduk i-kriya
4.      Nulungi               =   Rimbag tanduk i-kriya
5.      Nabrakake          =   Rimbag tanduk ke-kriya
6.      Mbalangake        =   Rimbag tanduk ke-kriya
7.      Dakpacul            =   Rimbag tanggap utama purusa (wantah –i, ke-kriya).
8.      Kojupuk              =   Rimbag tanggap madyama purusa (wantah –i, ke-kriya).
9.      Kagendhong       =   Rimbag tanggap ka-  (wantah –i, ke-kriya).
10.    Serat-sinerat        =   Rimbag tanggap tarung.

Gladen 22 kaca 41
1.      Kethoprak yaiku sawijining kesenian rakyat Jawa Tengah ananging uga tinemu ing Jawa Timur.
2.      Anane gegayutan karo pagelaran teater para narapraja, mula pagelaran kethoprak bisa dibedakake mangkene :
a)      Kotekan lesung iku mula bukane kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran kethoprak, critane dongeng.
b)      Kethoprak lesung wiwitan : wiwitane saka kotekan lesung ana jogedane lan jangkep karo crita panguripane wong tani.
c)      Kethoprak lesung : mujudake pagelaran jangkep lan nganggo crita rakyat kairing gamelan kayata ; kendhang, suling, terbang, lesung.
d)      Kethoprak gamelan : tetabuhan pangiring luwih jangkep, critane Raden Panji, agemane Mesiran (Baghdad).
e)      Kethoprak gamelan : pagelarane ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Pendhapa gedung/panggung, mula banjur diarani kethoprak pendhapa, critane ngemungake crita babad, dipagelarake nganti saprene.
f)       Kethoprak panggung ; ngawujudake pagelaran kethoprak kang pungkasan, yaiku kethoprak kang dipagelarake ing panggung, critane wis maneka warna, carita rakyat, babad, carita adaptasi saka manca, lsp, sandhangane luwih jangkep.
3.      Crita kang dipentasake ing kethopra werna-werna, wiwit saka dongeng, crita rakyat, babad, legenda, crita meak, panji, crita adaptasi manca.
4.      Perangkat kang ngiringi kethoprak ; kendhang, saron, kethuk, kenong, kempul, lan gong bumbung (gong kemada). Gamelan jangkep umume nganggo suling utawa terbang, lan keprak. Para paraga kudu pinter akting, pinter nembang, lan pinter joged.

Gladen 23 kaca 42
1.      Amarga dhuwite mepet anggone dandan mung tambal sulam.
2.      Ngerti yen ora lulus ujian, anggone nangis nganti gulung koming.
3.      Kanggo nyekolahake anake le nyambut gawe nganti nungsang jempalik.
4.      Bocah ora ndalan, mula ya ora ana  duga kirane.
5.      Ibu anggone nggulawentah putra kanthi rasa welas asih.
6.      Indonesia kalebu negara kang gemah ripah, loh jinawi.
7.      Saka cilik wis kerep lara lapa, mula saiki kari wibawane.
8.      Wayang kalebu budaya kang adi luhung amarga ngemot piwulang kang bisa kanggo tepa palupi  sajroning urip.
9.      Wis dielekake aja seneng tukar padu kok ngeyel bae.
10.    Wong kang dawa tangane senengane colong jupuk darbeke liyan.

Gladen 24 kaca 43
1.      Dalan menyang daleme simbahku menggak-menggok.
2.      Bocah kok mung tura-turu bae, gek ndang adus kono.
3.      Sapa ta sing lara dhik? Kok awit esuk kowe bola-bali nyang rumah sakit.
4.      Wis gek ndhang merem ora mung kelap-kelip bae, sesuk ra bisa tangi esuk lho.
5.      Kabeh wis sarujuk mula banjur padha monthuk-manthuk.
6.      Kowe ki apa rak kesel ta, wira-wiri ngalor ngidul wiwit mau.
7.      Mbakl, adhimu kae ngopo ta? Kok mung nongas-nangis apa ana sing ilang?
8.      Mulane yen diterangake digatekake, mengko yen nggarap ben ora tokan-takon bae.
9.      Aja mbengak-mbengok ta bapak ki lagi sare.
10.    Wis ta aja tonga-tangi dhisik ben enggal mari larane.

Gladen 25 kaca 43  (tembung kosok balen)
1.      Adhem  X  Panas.                                     6.    Cuwer  X  Kenthel.
2.      Anggak  X  Grapyak                                  7.    Mentes  X  Gabug.
3.      Jujur  X  Culika                                          8.    Rampung  X  Wiwit.
4.      Bathi  X  Rugi                                            9.    Ngati-ati  X  Sembrana.
5.      Cethil  X  Loma                                         10.   Kesed  X  Sregep


Ulangan Harian kaca 44
1.      C                                 6.    C                                      11.   D
2.      A                                 7.    C                                      12.   E
3.      E                                 8.    A                                      13.   E
4.      A                                 9.    E                                      14.   A
5.      D                                 10.   B                                      15.   E

1.      Wis kebak sundukane. Tegese wis akeh dosane.
2.      Bebek diwuruki nglani. Tegese wong wis pinter diwuruki.
3.      Ngaub ngisor awar-awar. Tegese njaluk pitulungan marang wong kang ringkih.
4.      Kaya welut dilegani. Tegese anggone padu pinter banget.
5.      Kebak luber kocak-kacik. Tegese wong sing kakehen ngelmu malah bisa owah pikirane.
6.      Nututi layangan pedhot. Tegese nututi barang remeh ora korup karo rekasane.
7.      Emprit abuntut bedhug. Tegese perkara cilik tundhone dadi perkara gedhe.
8.      Emban cinde emban siladan. Tegese ora adil.
9.      Ngubak-ubak banyu bening. Tegese gawe rusuh ing papan tentrem.
10.    Awak pendhek budi ciblek. Tegese wong mlarat dijaluki.

1.      Wayang wiwit ana jaman Sri Jaya Baya jumeneng nata ing Kediri wiwit taun 939.
2.      Basa krama digunakake ngomong marang wong kang statuse luwih dhuwur.
3.      Ukara kang wasesane ulih ater-ater anuswara (m, n, ng, ny) diarani ukara tanduk (kal. Aktif).
4.      Januari kerata basane udan saben ari.
5.      Brintik linggis kerata basane lurus banget, kaku banget.
6.      Wedhus diumbar ing pedaringan. Tegese  kesenengan amarga nemoni barang sing dibutuhake.
7.      Kuciwo tegese padha karo gelo.
8.      Tembung lingga kang wis diater-ateri, diseseli, utawa dipanambangi diarani rimbag.
9.      Dakgawa, dakgawani, kalebu rimbag tanggap utama purusa.
10.    Bola-bali, mloka-mlaku, wira-wiri, kalebu dwilingga salin swara.

1.      Piranti ing pagelaran wayang yaiku ; kelir, debog, kayon, keprak, kothak, cempala, blencong, gamelan, wayang.
2.      Bab-bab kang bisa ngalang-alangi wong bisa maca cepet, yaiku
a)   Ora konsentrasi.
b)   Maca kanthi disuarakake, ana ing lesan utawa ana ing batin.
c)   Ngematake tembung siji lan sijine, arahe mripat ana ing fokus satembung.
d)   Maca mundur (regresi), yaiku maca durung ulih saukara wis dibaleni saka ngarep andadekake utuhing makna ukara kabur.
e)   Kesuwen mandheg ana ing sawijining tembung sing dikira ora ati dimangerteni tegese, kamangka tembung-tembung kaya mau kalamangsa katangkep maknane yen wus rampung maca wacan sawutuhe.
3.      Kathuthuk = rimbag tanggap madyama purusa,
Dakgoleki = rimbag tanggap utama purusa,
Pinakem = rimbag tanggap,
Kojiwit = rimbag tanggap utama purusa.
4.      Gedhang kerata basane : saged padhang, digeget bubar madhang.
Maling kerata basane = njupuk amale wong sing ora eling.
5.      Anane gegayutan karo pagelaran teater para narapraja, mula pagelaran kethoprak bisa dibedakake mangkene :
a)      Kotekan lesung iku mula bukane kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran kethoprak, critane dongeng.
b)      Kethoprak lesung wiwitan : wiwitane saka kotekan lesung ana jogedane lan jangkep karo crita panguripane wong tani.
c)      Kethoprak lesung : mujudake pagelaran jangkep lan nganggo crita rakyat kairing gamelan kayata ; kendhang, suling, terbang, lesung.
d)      Kethoprak gamelan : tetabuhan pangiring luwih jangkep, critane Raden Panji, agemane Mesiran (Baghdad).
e)      Kethoprak gamelan : pagelarane ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Pendhapa gedung/panggung, mula banjur diarani kethoprak pendhapa, critane ngemungake crita babad, dipagelarake nganti saprene.
f)       Kethoprak panggung ; ngawujudake pagelaran kethoprak kang pungkasan, yaiku kethoprak kang dipagelarake ing panggung, critane wis maneka warna, carita rakyat, babad, carita adaptasi saka manca, lsp, sandhangane luwih jangkep.




Gladen 26 kaca 53
1.      Tulisan aksara jawa pada kapisanan. Poma kaki padha dipuneling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, ruruh sarta wasis, samubarangipun.
2.      Tulisan aksara jawa pada kapindho. Aja turu sore kaki, ana dewa nganglang jagad, nyangking bokor kencanane, isine donga tetulak, sandhang kalawan pangan, yaiku bageyanipun, wong melek sabar narima.
3.      Tulisan aksara jawa pada katelu. Nanging lamun anggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruhing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
4.      Kinanthi
Kukuse dupa kumelun
Ngeningken tyas sang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging sanget angikibi
Sang Resi Kaneka Putra
Tumurun saking wiyati








Gladen 28 kaca 57
1.      Wewalere mbedhahake jala yaiku, sing sapa mbedhahake jala, bakal kena paukuman yaiku dicemplungake ing segara.
2.      Paraga antagonise yaiku Prabu Pandhu Bregola.
3.      Sing dicemplungake segara yaiku Gareng.
4.      Lakone wayang yaiku Prabu Pandhu Bregola.
5.      Garwane Janakan ngidam kepengin iwak wader bang sisik kencana mata kumala.
6.      Saranane nganggo jala.
7.      Kang ndherekake Janaka ; Semar, Gareng, Petruk.
8.      Paraga ing crita ; Wara Sembadra, Janaka, Semar, Gareng, Petruk, lan Prabu Pandhu Bregola.
9.      Janaka pandhawa nomer telu (Pandhadha).
10.    Dasanamane Janaka = Arjuna, Permadi, Dananjaya, Kumbang Ali-ali, lsp.

Garapan ing omah 13 kaca 58
1.      Aku tangi turu.
2.      Riko tuku buku.
3.      Ibu lagi maca buku.
4.      Darmono nggoreng tempe.
5.      Yanti lagi sinau.

Gladen 29 kaca 58
1.      Ndadak isin banget, sepur bae mundur ora isin jare. Karepe supaya ora isin.
2.      Lakune bante banget, ora kalah karo keyong. Karepe rindhik banget.
3.      Mesakake temen saiki kuru, ning kurugan daging. Karepe lemu banget.
4.      Anake gelungan ibune ngrembyang. Karepe pakis.
5.      Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran. Karepe ngundhuhi klapa.
6.      Kewan sing sirahe, mripate, cangkeme, irunge, pokoke kabeh ning sikil. Karepe anak pithik kepidhak.
7.      Ngarep ireng, mburi ireng, sing tengah menthentheng. Karepe wong mikul areng.
8.      Pithik walik saba meja. Karepe sulak.
9.      Sega sakepel dirubung tinggi. Karepe salak.
10.    Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. Karepe geni.


Ulangan harian kaca 59
1.      E                                    6.    C.
2.      C                                    7.    B.
3.      E.                                   8.    B.
4.      D.                                   9.    A.
5.      C.                                   10.   D.

1.     Wonten sabin pak tani nanem pantun.
2.     Raden Gathutkaca satriya ing Pringgodani.
3.     Saptawara yaiku radite, soma, anggara, budha, respati, sukra, lan tumpak.
4.     Luhuring budaya hangangkat drajading bangsa.
5.     Pancawara yaiku jenar, palguna, cemengan, kasih, manis.


LATIHAN ULANGAN PUNGKASANING SEMESTER KACA 60
1.      D                               11.   B                               21.   B
2.      A                               12.   C                               22.   A
3.      C                               13.   E                               23.   E
4.      C                               14.   D                               24.   A
5.      D                               15.   A                               25.   E
6.      A                               16.   D                               26.   C
7.      D                               17.   C                               27.   A
8.      A                               18.   A                               28.   D
9.      B                               19.   B                               29.   C
10.    B                               20.   C                               30.   C

1.     Sulap                    =     yen kesusu bakal dibalap.
2.     Tuwa                     =     untune wis rowa, ngenteni metune nyawa.
3.     Kupluk                  =     kau tur nyempluk.
4.     Guru                     =     digugu lan ditiru.
5.     Saru                      =     kasar lan kleru.
6.     Krikil                     =     keri ing sikil.
7.     Pebruari                =     yen mepe mburu ari.
8.     Gedhang               =     saged padhang, digeget bubar madhang.
9.     Bapak                   =     bab apa-apa pepak.
10.  Maling                   =     njupuk amale wong sing ora eling.

1.     Paraga kang watake becik = protagonis.
2.     Wayang biasane digawe saka walulang, kayu, godhong, kain, lsp.
3.     Sing nglakokake wayang yaiku dhalang.
4.     Rumus ngitung maca cepet = MC = JT
                                                           W
5.     Bocah kerata basane = yen mangan kaya kebo pegaweyane ora kecacah.
6.     Utange arang wulu kucing = akeh banget.
7.     Kethoprak kalebu kesenian rakyat ing Jawa Tengah.
8.     Tembung dwipurwa.
9.     Basa krama alus.
10.  Gamelan.

1.     /
2.     /
3.     /
4.     /
5.     /

Tidak ada komentar:

Posting Komentar