Senin, 01 Februari 2016

RURA BASA

RURA BASA
Rura Basa yaiku unen-unen kang ajeg paggonane sanajan salah, ananging kaprah, sinten kemawon sampun mangetosi kekajenganipun. Tembung salah nanging kaprah, sebanjure dadi lumrah dienggo ing masyarakat. Tuladhanipun sawetawis  :
1)        Adang esuk              : maksude adang sega wayah esuk.
2)        Adang sega              : maksude adang beras supaya dadi sega.
3)        Bakul jangan            : maksude wong kang dodol keperluane masak.
4)        Jaga gerdhu             : maksude jaga keamanan manggon ing gerdhu.
5)        Mangan awan          : maksude mangan sega wayah awan.
6)        Mbathik sewek         : maksude mbathik mori supaya dadi sewek.
7)        Mbunteli tempe        : maksude mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe.
8)        Menek klapa             : maksude menek wit klapa.
9)        Mikul dhawet            : maksude mikul wadah isine dhawet.
10)     Mikul soto                 : maksude mikul kwali isine soto.
11)     Ndhudhuk sumur    : maksude ndhudhuk lemah digawe sumur.
12)     Njahit klambi            : maksude njahit kain supaya dadi klambi.
13)     Negor klapa              : maksude negor wit klapa.
14)     Nenun sarung         : maksude nenun benang supaya dadi kain sarung.
15)     Netel jadah               : maksude netel ketan mateng supaya dadi jadah.
16)     Ngekum landha       : maksude ngekum arenge merang supaya dadi landha.
17)     Ngenam klasa          : maksude ngenam mendhong / pandhan supaya dadi klasa.
18)     Ngenam kepang      : maksude ngenam rambut supaya dadi kepang (rambut klabang).
19)     Ngenam sesek         : maksude ngenam silatan pring supaya dadi sesek.
20)     Nglinting rokok        : maksude nglinting klobot isi mbako lan bumbone supaya dadi rokok.
21)     Nulis layang             : maksude nulisi dluwang / kertas supaya dadi layang.
22)     Nunggu manuk       : maksude nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk

23)     Tangi turu                 : maksude melek bar turu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar