Kamis, 21 Januari 2016

Kumpulan Gambar Wayang 2

ARJUNA


Arjuna iku putra Prabu Pandudewanata, raja negara Astinapura karo Dewi Kunti/Dewi Prita  putri Prabu Basukunti, raja negara Mandura.  Arjuna anak ketelu saka Pandawa. Arjuna tunggal bapa ibu karo Puntadewa lan Bima/Werkudara. Dene Nakula lan Sadewa iku tunggal bapa seje ibu, putra Pandu dengan Dewi Madrim .
Arjuna satria seneng tapa lan merguru golet ilmu. Kejaba dadi muride Resi Drona ing Padepokan Sukalima, uga dadi muride Resi Padmanaba saka Pertapaan Untarayana. Arjuna nate dadi Pandita ing Goa Mintaraga, peparab Bagawan Ciptaning. Arjuna didadekna jago kadewatan ambengkas Prabu Niwatakawaca, raja raksasa saka negara Manimantaka. Saka jasane, Arjuna dinobatna dadi raja Kahyangan Kaindran jejuluk Prabu Karitin lan ulih anugrah pusaka-pusaka sakti saka para dewa, kadosta : ; Gendewa (saka Bathara Indra), Panah Ardadadali (saka Bathara Kuwera), Panah Cundamanik (saka Bathara Narada).
Arjuna uga nduweni pusaka-pusaka sakti liyane kayata ; Keris Kiai Kalanadah, Panah Sangkali (saka Resi Durna), Panah Candranila, Panah Sirsha, Keris Kiai Sarotama, Keris Kiai Baruna, Keris Pulanggeni (diparingake marang Abimanyu), Terompet Dewanata, Cupu berisi minyak Jayengkaton (paweweh Bagawan Wilawuk saka pertapaan Pringcendani) lan Kuda Ciptawilaha kalyan Cambuk Kiai Pamuk. Dene ajian sing diduweki Arjuna kayata : Panglimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Mayabumi, Pengasih lan Asmaragama.
Arjuna kagungan garwa 15 lan 14 anak.  Adapun garwa-garwane lan putra-putrane Arjuna yaiku   :
1. Dewi Sumbadra , duwe putra Raden Abimanyu.
2. Dewi Larasati , duwe putra Raden Sumitra lan Bratalaras.
3. Dewi Srikandi
4. Dewi Ulupi/Palupi , duwe putra Bambang Irawan
5. Dewi Jimambang , duwe putra Kumaladewa lan Kumalasakti
6. Dewi Ratri , duwe putra Bambang Wijanarka
7. Dewi Dresanala , duwe putra Raden Wisanggeni
8. Dewi Wilutama , duwe putra Bambang Wilugangga
9. Dewi Manuhara , duwe putra Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati
10. Dewi Supraba , duwe putra Raden Prabakusuma
11. Dewi Antakawulan , duwe putra Bambang Antakadewa
12. Dewi Maeswara
13. Dewi Retno Kasimpar
14. Dewi Juwitaningrat , duwe putra Bambang Sumbada
15. Dewi Dyah Sarimaya.
Arjuna uga duwe ageman lambang keagungan, yaiku ; Kampuh/Kain Limarsawo, Ikat Pinggang Limarkatanggi, Gelung Minangkara, Kalung Candrakanta dan Cincin Mustika Ampal (gemiyen duweke Prabu Ekalaya, raja negara Paranggelung).
Arjuna uga nduweni jeneng akeh lan julukan akeh yaiku ; Parta (pahlawan perang), Janaka (duwe bojo akeh), Pemadi (ganteng), Dananjaya, Kumbaljali, Ciptaning Mintaraga (pendeta suci), Pandusiwi, Indratanaya (putra Bathara Indra), Jahnawi (gesit trengginas), Palguna, Danasmara ( perayu ulung ) dan Margana (seneng tetulung)
Arjuna duwe sifat perwatakan ; Cerdik pinter, kalem, teliti, sopan-santun, wani lan seneng ngayomi kang asor, Arjuna mimpin Kadipaten Madukara, wilayah negara Amarta. Sakwise perang Bhatarayuda, Arjuna dadi raja ing Negara Banakeling, bekas kerajaan Jayadrata. Pungkasane  riwayat Arjuna diceritakan, Arjuna muksa ( mati sempurna ) bareng-bareng karo papat sedulure (Pandawa Lima mati bareng/muksa).
Arjuna netrane jaitan, irunge mancung, nganggo sanggul kadal menek, nganggo sunting waderan, agemane ra ana perak lan emas utawa prasaja. Ngaggo kain bokongan ksatria.
Arjuna berwanda: 1. Jimat, karangan Panembahan Senapati dan juga Sinuhun Sultan Agung di Mataram, 2. Mangu, karangan Sinuhun Sultan Agung di Mataram, 3. Kanyut, 4. Kinanti, dan 5. Malat.
Wanda Jimat kanggo wayang Arjuna iku asli saka wayang Kraton Surakarta, jalaran wanda Jimat iku digunakake kanggo wayang sekotak kang diarano Kyai Jimat. Boten pareng dipentasake dening sembarang dalang wayang iku lan amung dipentasake dening raja utawa pangeran.



PRABU ARJUNAPATI

Prabu Arjunapati raja negara Sriwedari lan anak muride Prabu Kresna. Dheweke murid kang setya tuhu marang guru lan miturut apa titahe guru. Nalika Prabu Arjunapati tinitah sing nyalahi adab, yaiku supados masrahake garwane marang Arjuna, mula kanthi dibantu patihe dheweke nglawan merjaya Arjuna. Ananging Arjuna bisa diuripake maning dening Prabu Kresna nganggo kesektene kembang Wijayakusuma.
Digambarkan di sini, bahwa perbuatan lalim akan menemui hukumannya dan hukuman harus diterima sebagaimana adanya, oleh karena ini adalah hasil, buah daripada perbuatan sendiri dan meski Arjuna sekalipun harus memetik buah daripada perbuatannya.
Prabu Arjunapati bermata jaitan, berhidung mancung, bermuka agak tenang. Bersanggul kadal menek, berjamang tiga susun dengan garuda membelakang. Bersunting waderan, berpraba. Bergelang, berpontoh, dan berkeroncong. Berselendang. Berkain kerajaan lengkap.

BETARA ASMARA
Betara Asmara iku Dewa kesenengan. Miturut kepercayaan miyen, sing sapa bae ulih kesenengan, berarti dilindungi Dewa Asmara. Mula Betara Asmara sering nyamar lan nggoda manungsa, nganti manungsa mbukak atine kanggo kesenengan. Pada bae karo ksatria sing mlaku-mlaku ing tengah alas lan diganggu raksasa utawa kewan galak, gangguan-gangguan iku sejatine saka Hyang Asmara sing pungkasane nekakake kesenengan marang sing diganggu mau.
Betara Asmara netrane jaitan, irung mancung. Mahkotane jangkep, ageman cendhak, nganggo keris, nganggo gelang, nganggo pontoh ing njaba ageman, nganggo keroncong, lan sepaton. Kabeh agemane Betara Asmara iku sarwa endah, cocok karo praupane. Jalaran sekabehane sarwa endah, mula dheweke dianggep Dewa Kesenengan.
Sarung keris pada karo iki sinebut ladrang lan sarung yang bertanda kain melintang di tengah, disebut kayu timah yang berkendit (seperti dililit ikat pinggang). Menurut kepercayaan orang Jawa, sarung keris demikan sangat berharga dan berkhasiat pula.

PRABU ARJUNASASRABAHU

BAMBANG ASWATAMA

Bambang Aswatama anak Dahyang Durna karo Dewi Wilotama, widadari kang nalika ketemu Durna, arupa jaran. Mula asma Aswatama iku tegese jaran kang utama (aswa = kuda). Aswatama iku sakti. Saka Dewa ulih senjata arupa panah Cundamani sing bisa ngethokae geni kang panas banget. Aswatama tansah diayomi Wilotama, ibune. Dheweke iku ksatria agung, miihak marang Korawa lan dadi penasihat siasat perang. Uripe Aswatama diayomi ibune, Dewi Wilotama sawijining widadari. Sabe-saben Aswatama lena, ibune teka sabiyantu. Pramila Aswatama tyansah unggul ing palagan perang.
Sebenare Aswatama sebangsa pendeta, sebab dheweke anak Dahyang Durna, guru Pendawa lan Korawa. Aswatama pancen mbelani kerajaan Astina, ananging bantuane ora keton. Jalaran mihak Astina, disengit Pendawa, musuh Astina lan uga ora seneng marang Banowati sing dianggep mungsuh sajroning sarung, jalaran senajan laire Dewi Banowati iku permaisuri Prabu Suyudana, batine Banowati mihak Pendawa. Mula Aswatama tansah dendam marang Banowati.
Ing perang Baratayuda tansah ngerteni tipu muslihate mungsuh lan tansah menang perang. Sakwise perang Baratayuda Aswatama nduweni seja mateni kerabat Pendawa kanthi gawe trowongan mlebu marang umahe Pendawa. Aswatama mirsani Dewi Banowati, terus dipateni. Ing papan iku Aswatama weruh anake Angkawijaya, yaiku Parikesit sing isih bayi. Aswatama niat mateni bayi iku, sibayi nangis banter lan nendang panah Pasopati kang diselehake sangisore sikile bayi kanggo njaga bayi. Panah melesat, ngenani gulune Aswatama nagnti tugel gulune lan Aswatama mati.
Aswatama netrane kaya dondong putih, irung mancung jangkep, nganggo ketu udeng karo garuda mawuri, nganggo sunting kembang kluwih dawa. Nganggo kalung putran wangun wulan arit. Nganggo gelang, nganggo pontoh, nganggo keroncong. Nganggo kain, ananging celanane ora dawa. Ing cerita, Aswatama sikile sikil jaan lan bersurai, jalaran dheweke ibune jaran.



BAGAWAN BAGASPATI
Bagawan Bagaspati nalika mudane aran Bambang Anggana Putra, putrane Resi Jaladara saka Pertapaan Dewasana, karo Dewi Anggini, keturunan Prabu Citragada, raja negara Magada. Ing kawitane Bambang Anggana Putra awujud satria tampan, ananging jalaran kena kutuk Sanghyang Manikmaya nalika anggarwa Dewi Darmastuti wujude malik dadi raksasa. Bagawan Bagaspati sakteruse dadi brahmana ing pertapaan Argabelah lan peparab Bagawan Bagaspati.
Bagaspati banget saktine. Duwe Ajian Candrabirawa, ora bisa mati yen ora manut karepe dhewek. Bagaspati agarwa Dewi Dharmastuti, sawijining hapsari/bidadari, lan peputra Dewi Pujawati. Bagaspati watake; sabar, ikhlas, percaya marang kuwasane Tuhan, rela korban lan asih marang putrine. Bagaspati seduluran raket banget kalyan Prabu Mandrapati, raja negara Mandara sing kalebu sedulur nunggal guru.
Pungkasane crita, amarga sih lan mbelani putrine, Dewi Pujawati, Bagaspati gelem mati dipateni Narasoma, mantune dhewek. Sedurunge mati, Aji Candrabirawa diparingake marang Narasoma.


BAGAL BUNTUNG


BATARA GURU

BADAWANGANALA


BADRAINI


BAGONG GEMBOR


BAGONG RATU

Bagong (Bawor) kedadeyan saka bayangane Sanghyang Ismaya sinabda Sanghyang Tunggal, bapake. Nalika Sanghyang Ismaya mudun Arcapada, nyuwun marang bapake bisa diparingi kanca, jalaran Ismaya sing ditugasake ngawasi trah keturunan Witaradya rumangsa ora sah menawa sawijining persaksian ukur wong siji thil. Sanghyang Tunggal banjur akon Sanghyang Ismaya noleh meng mburi , dumadakan wis ana pawongan kang wujude meh memper karo dheweke.
Ing cerita pedalangan Jawa, Bagong diarani uga Bawor, Carub utawa Astrajingga. Bagong nduwe tabiat ; lagak lagu omongane kebocah-bocahan, lucu, swara gedhe mandan serak (agor ; Jawa), tindakane kaya wong bodo, omongane njengkelake, ananging tansah pas,
Bagong agarwa Endang Bagnyawati, anak Prabu Balya raja Gandarwa ing Pucangsewu. Perkawinane bareng-bareng karo perkawine Semar karo Dewi Kanistri lan perkawine Resi Manumayasa karo Dewi Kaniraras, kakange Dewi Kanistri, putri Bathara Hira. Padha bae karo Semar, Bagong umure dawa baget, urip nganti tekan jaman Madya.
Miturut riwayat pedalangan, jaman Mataram ana dalang asma Panjangmas. Keturunan Panjangmas iku ngumbara ing Jawa Timur lan mentasake ing kono Semar, Gareng dan Petruk. Dene keturunan sing ngumbara ing Jawa Barat, ngasnggo Semar lan Bagong.
Miturut riwayat uga, nek keturunane iku wadon, garwane kudu gelem ndalang, ananging sadurunge pentas kudu njaluk idzi pangestu marang gawane luwih dhisit.
Nalika Bagong wicara, swarane gede lan keprungu kendor ing gulu. Mata Bagong awangun pecicilan (membeliak), irung pesek, lambe ngisor dhower, sirah gundul, wetenge gede, berburut pusar. Nganggo gelang lan ageman wangun rapekan dagelan. Bagong berwanda: 1. Gilut, karangan Sri Sultan Agung, 2. Gembor, 3. Ngeñgkel, dan 4. Roti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar