Kamis, 21 Januari 2016

Kumpulan Gambar Wayang 1


ABIMANYU

Jeneng liyane Abimanyau yakuwe : Angkawijaya, Jaya Murcita, Jaka Pangalasan, Partasuta, Kirityatmaja, Sumbadraatmaja, Wanudara dan Wirabatana.

Abimanyu putrane Arjuna, salah salah siji saka lima satria Pandawa sing mbojo karo Dewi Sumbadra, putri Prabu Basudewa, raja Negara Mandura. Dadi Abimanyu anake Arjuna karo Dewi Sembadra.

Abimanyu duwe dulur 13 tunggal bapa beda biyung. Arjuna mbojo karo Dewi Badrahini duwe anak 13 yakuwe : Sumitra, Bratalaras, Bambang Irawan, Kumaladewa, Kumalasakti, Wisanggeni, Wilungangga, Endang Pregiwa, Endang Pregiwati, Prabakusuma, Wijanarka, Anantadewa dan Bambang Sumbada.

Abimanyu dadi kekasih Dewata. Wiwit nang wetengane ibune (kandutan) wis ulih “Wahyu Hidayat”, sing duwe daya : bisa mangerteni sekabehing samubarang. Nalikane  dewasa Abimanyu ulih “Wahyu Cakraningrat”, sawijining wahyu sing bisa nurunake raja-raja agung. Abimanyu nduweni sifat lan perwatakan; alus, apik tingkah lakune, ucapane jelas, tekade kuwat, tanggung jawablan satria.

Kanggo ilmu keprajuritan Abimanyu diwulang bapake yakuwe Arjuna. Babagan  ilmu kebathinan diwulang kakine, Bagawan Abiyasa. Abimanyu manggon ing kesatrian Plangkawati, sakwise ngalahna Prabu Jayamurcita. Abimanyu duwe bojo loro yaiku :

1. Dewi Siti Sundari, putri Prabu Kresna , Raja Negara Dwarawati
karo Dewi Pratiwi,

2.      Dewi Utari, putri Prabu Matswapati karo Dewi Ni Yutisnawati, saka negara Wirata, lan peputra Parikesit.
Abimanyu gugur ing medan perang Bharatayuda dening gada Kyai Glinggang duweke Jayadrata, satria Banakeling.




BEGAWAN ABYASA 


Prabu Abyasa anake Prabu Palasara, raja Astina nalika jama sedurunge Pendawa dadi ratu ing Astina., Abyasa dadi ratu ngganteni Prabu Palasara. Prabu Abyasa Raja sing bijaksana, adil lan asih mring kawula dasih. Abyasa kenceng nyekeli adat-istiadat raja.

Abyasa sakteruse dadi raja pendeta, tegese raja sing dadi pendeta, sinebut Begawan Abyasa lan manggong ing Gunung Retawu utawa Saptarengga. Nalika dadi raja jejuluke Prabu Kresnadipayana. Begawan Abyasa pindah saka alam fana menyang alam kaswargan bareng nyawa-raganya kabeh ra ana sing ditinggal disusul dening Dewa nganggo kendaraan sorot (cahaya).

Prabu Kresnadipayana matane dijait, irung mancung, jenggoten. Nganggo mahkota jamang telung susun nganggo garuda madep mburi. Berpraba, nagnggo kain bokongan kerajaan lan sepaton. Begawan Abyasa yaiku Prabu Kresnadipayana sakwise dadi pendeta. Nganggo ageman daster sing nylembrehj meng mburi, nganggo jamang garuda madep mburi, suntinge kembang kluwih, nganggo ageman, nganggo selendang lan sepaton.

Sedurunge muksa (wafat ilang bareng jiwa ragane), Begawan Abyasa mubeng-mubeng dietutake keluwarga Pendawa lan keturunane kanthi rasa trenyuh, sebab wektu itu perang Baratayudha wis kawiwitan. Karo nelangsa nek menangi papan rusak sebab perang terus didandani. Menawa nemoni jiwa-jiwa sing matine urung sempurna disempurnakake kanthi donga mantra.

Lan nalika Sang Begawan ngerteni menawa jiwane Pendeta Durna urung mati sempurna, mula Abyasa prentah Pendawa, supaya nyempurnakake, jalaran Pendeta Durna iku gurune para Pendawa. Atine Pendawa trenyuh. Pendawa weruh menawa Perang Baratayuda akibate gede banget.

Sang Begawan duwe yuswa dawa lan sempet nekseni lahire buyute Raden Parikesit. Asma Kresnadipayana dienggo dening Raden Parikesit, sakwise dadi raja Astina, kaya adat-istiadate wong Jawa, nalikane ngganteni pangkat bapake. Ana maning adat kebiasaan Jawa njiot separo asmane bapake sakwise kawin.

ADIMANGGALA




ADIRATA



AGNYANAWATI



AMBA



AMBALIKA



AMBIKA



AMONGDENTA




PATIH AMONGDENTA

Amongdenta patih Prabu Sridenta, raja negara Jumapala. Dheweke mbelani rajane sing nduweni kekarepan mateni / musnahake kerabat Pendawa. Amongdenta gugur nalikane perang karo Pendawa.
Amongdenta mripate plelengan putih, irunge kaya ombak arahe perahu, tutuke mlompong nganti keton untu lan siyunge.
Nganggo jamang garuda madep mburi lan nganggo praba. Nganggo sunting kembang kluwih, nganggo kalung ulur-ulur. Nganggo gelang, nganggo pontoh, lan nganggo keroncong. Nganggo kain wangun raja raksasa muda.


AMONGMURKA



ANDRIKA



ANGGAWANGSA



ANGGIRA





RADEN ANGKAWIJAYA 







Raden Angkawijaya putra Raden Arjuna saka perkawinane karo Dewi Wara Sumbadra. Nom-nomane jejuluk  Abimanyu. Garwane sing kapisanan Dewi Siti Sundari, putri Prabu Kresna, ora duwe putra. Garwa nomer loro, Dewi Utari, putri Prabu Matswapati, duwe putra Prabu Parikesit, keturunan Pendawa paling keri nalikane jaman Purwa.
Perkawinane Angkawijaya karo Dewi Utari ora sababag, sebabe Dewi Utari seumurane embah buyute Angkawijaya, ananging sebab berkah para Dewi ora owah sifate lan tetep keton enom. Angkawijaya manggon ing Plangkawati. Negara kiye sedurunge negarane raksasa sing dikalahake Angkawijaya.
Angkawijaya banget disayang ibu-bapake. Semono uga Angkawijaya banget sayang marang Raden Gatotkaca. Kekarone ksatria iki tansah bantu binantu ing palagan perang. Ing perang Baratayuda Angkawijaya diangkat dadi panglima. Angkawijaya kena tipune Korawa lan dikurung ing lingkungane mungsuh, sing andadekake Angkawijaya pisah karo tentara Pendawa.
Kaya unine cerita, Angkawijaya gugur sebab ketrajang panah kang banget akehe ing awake, nganti awake arupa panah, nganti wong tuwane ora bisa ngenali maning. Sanajan tatu arang kranjang Angkawijaya terus ngamuk, lan akeh mungsuh kang kasil dipateni. Dening pujangga perang Angkawijaya dipuji sebab awake kang kebak panah dadi nambah gantenge Angkawijaya. Ing lakon Wahyu Cakraningrat, yaiku wahyu kerajaan, disebutna, menawa Angkawijaya kemasukan wahyu iku arep nduweni keturunan kang bakal dadi raja gung binatara. Mulane akeh ksatria sing kepengin wahyu iku, antarane Raden Samba, Raden Angkawijaya lan para Korawa. Ananging sing ulih wahyu mukur Raden Angkawijaya.
Lan pihak Dwarawati, putra Prabu Kresna yaiku Raden Samba kepengin ulih wahyu, ngenteni, tapi ora kasil, mulane Raden Samba kepengaruh dening swasana sing dadi sebab deweke adoh saka wahyu iku.
Para Korawa ora gelem ketinggalan lan pengin ulih wahyu. Kurawa menda-menda dadi Pendawa Lima kanthi Suyudana dadi Puntadewa, Dursasana dadi Wrekodara, Kartamarma dadi Arjuna, lan Citraksa lan Citraksi dadi Nakula lan Sadewa. Ananging usahane Kurawa tetep gagal gagal maning.
Angkawijaya netrane jaitan, irunge mancung, raine anteng. Nganggo gelung diriasi garuda madep mburi. Nganggo sunting waderan, nganggo kalung putran wangun wulan arit. Nganggo gelang, nganggo pontoh lan nganggo keroncong. Nganggo ageman katongan lan celana cindai. Raden Angkawijaya berwanda: Rangkung lan Bontit. 



RADEN ANOMAN









Anoman iku kethek putih kaya kapuk. putra Betara Guru karo Dewi Anjani, sawijining putri pasuryan lan tangane kethek. Anoman uga diarani :

1. Maruti, sebab duwe angin, kaya Raden Wrekodara lan mulane Anoman sinebut sedulure Wrekodara sing duwe kesekten angin;
2. Ramadayapati, tegese diaku anak dening Sri Rama;
3. Bayutanaya, tegese diaku anak Betara Bayu;
4. Kapiwara, tegese pendeta kethek;
5. Anjaniputra, putra Dewi Anjani.
Wiwitane Anoman urip jamane Sri Rama, mbelani Sri Rama kelangan garwane, Dewi Sinta, sing dicolong raja raksasa Prabu Dasamuka saka negara Alengka. Anoman diutus Sri Rama nemoni Dewi Sinta sing diumpetake Dasamuka ing Alengka ing Taman Arga Soka. Anoman kasil nggawa bali Dewi Sinta mring Sri Rama. Sakwise tekan Alengka, Anoman mbakar istana Alengka nganti enthek dadi awu. Banget gedhene pambelane Anoman tumrap Sri Rama. Anoman duwe umur dawa banget.
Entheke jaman Sri Rama, manangi jaman Pendawa, Anoman dadi pamomonge Pendawa Lima manggon ing Gunung Kendalisada dadi pandhita kethek. Anoman dadi papan panggonan pitakonan marang babagan kang angel-angel jaaran Anoman dianggep waskita ing ngelmu..
Anoman netrane plelengan putih, irung lan thtuthuk kethek. Nganggo sanggul kadal menek nyambung karo bunthute sing dawa saka ngisor nganti nutupi sanggule diriasi karo gelang. Nganggo gelang, nganggo pontoh, nganggo keroncong. Duwe kuku pancanaka kaya Wrekodara. Sikil kethek. Nganggo ageman poleng kaya Wrekodara wangun raton kumplit. Pasuryan lan awake kabeh putih, dadi tandha menawan Anoman iku kethek ules putih.
Tingkah polah Anoman nalikane diutus Sri Rama madosi Dewi Sinta, diceritakake kaya tembang iki : Anoman melumpat sampun, prapteng witing nagasari, mulat mangandap katingal, wanodya yu kuru aking, gelung rusak awor lemah, kang iga-iga kaeksi.
 


ANILA




ANIMANDAYA




ANJANI




ANJANI KERA





HYANG ANTABOGA





Hyang Antaboga yaiku sawijining Dewa kang mapan ing ngisor bumi lapisan kapitu lan nduweni istana ing Saptapratala tegese bumi lapis kepitu. Antaboga kalebu Dewa Ular mulane bisa ganti wujud dadi ula naga. Diceritakake, menawa istana sangisore bumi iku banget endahe, tan prabedha kaliyan istana para Dewa ing Suralaya.

Hyang Antaboga kagungan putri asma Dewi Nagagini. Putri iki digarwa dening Raden Wrekodara patutan siji aran Raden Antasena utawa Anantasena utawa Antareja.
Hyang Antaboga netrane kaya dondong, irung aln tutuk jangkep. Nganggo mahkota topong, nganggo jamang garuda madep mburi nganggo jenggot, nganggo ageman selendang, sepaton, nagnggo ageman Dewa kumplit.


RADEN ANTAREJA BANYUMAS

  


 RADEN ANTAREJA SOLO



RADEN ANTAREJA TIWIKRAMA
  






Raden Antareja puterane Bima/Werkundara, salah sijine saka lima satria Pandawa, karo Dewi Nagagini, putri Hyang Anantaboga karo Dewi Supreti sekang Kahyangan Saptapratala. Antareja duwe 2 sedulur lalang beda ibu, yaiku Raden Gatotkaca, putra Bima karo Dewi Arimbi, lan Arya Anantasena, putra Bima karo Dewi Urangayu.  Wiwit cilik Antareja manggon karo ibu kakine ing Saptapratala (dasar bumi). Antareja duwe ajian Upasanta paweweh Hyang Anantaboga. Ilate sakti banget, mahluk apa bae yen didilat tapak sikile bakal mati.
Antareja kulite napakawaca, mula kebal sakabehing senjata. Antareja duwe cincin mustikabumi, paweweh ibune, sing ampuhe ora bakal mati menawa sikile isih ngidak  bumi/lemah, lan bisa nguripake manungsa kang mati kang durung pestene. Kesakten liyane Antareja bisa urip lan mlaku sajeroning bumi. Antareja duwe sifat lan watak : jujur, meneng, bekti marang luwih tuwa lan asih marang kang luwih muda, rila korban lan gede kepercayaanne marang Sang Maha Pencipta.
Antareja agarwa Dewi Ganggi, putri Prabu Ganggapranawa, raja ula/taksaka ing Tawingnarmada, lan duwe putra Arya Danurwenda. Sakwise dewasa Antareja dadi raja ing negara Jangkarbumi ajejuluk Prabu Nagabaginda. Antareja seda sedurunge perang Bharatayuda awit karepe dhewek kanthi cara ndilat tapak sikile dhewek minangka tawur (korban untuk kemenangan) keluarga Pandawa ing perang Bharatayuda.

RADEN ANTASENA 




Antasena iku Putra Bima/Werkudara, satria Pandawa, karo Dewi Urangayu, putri Hyang Mintuna (Dewa iwak) di Kisiknarmada. Antasena duwe 2 sebapa beda ibu, yaiku : Antareja, putra Dewi Nagagini, lan Gatotkaca, putra Dewi Arimbi.  Wiwit cilik  Anantasena manggon bareng ibu lan kakine ing Kisiknarmada. Awake kebak sisik iwak/urang mulane kebal marang senjata. Antasena bisa urip ing darat lan banyu.

Antasena nduweni kasekten arupa sungut sekti, mahluk apa sing disenggol lan kena upase bakal mati. Antasena duwe pusaka Cupu Madusena, sing bisa mbalekake wong mati kang durung pesti janjine. Antasena ora bisa mati menawa isih nyenggol banyu utawa uape banyu. Antasena watake jujur, terus terang, prasaja, wani mbelani bebener, ora tau nglombo.
Sakwise dewasa, Antasena dadi raja ing negara Dasarsamodra, bekas negarane Prabu Ganggatrimuka sing mati ing peperangan. Antasena seda sedurunge perang Bharatayuda. Antasena mati moksa (lenyap dengan seluruh raganya) atas kehendak/kekuasaan Sang Hyang Wenang.

DEWI ARIMBI RASEKSI


DEWI ARIMBI






Dewi Arimbi utawa Hidimbi (Mahabharata) iku putri nomer loro Prabu Arimbaka, raja raksasa negara Pringgandani, karo Dewi Hadimba. Dewi Arimbi duwe sedulur pitu tunggal bapak biyung yaiku, Arimba/Hidimba, Arya Prabakesa, Brajadenta, Brajamusti, Brajalamatan, Brajawikalpa lan Kalabendana.
Dewi Arimbi kagarwa Bima/Werkudara, satria Pandawa, putra Prabu Pandu, raja negara Astina karo permaisuri Dewi Kunti. Saka pernikahan iku duwe  putra dijenengi Gatotkaca. Dewi Arimbi dadi raja negara Pringgandani, ngganteni kakange, Prabu Arimba, sing gugur ing peperangan lawan Bima. Jalaran Dewi Arimbi asring manggon Kesatrian Jodipati ngethutake garwane, kekuasaan negara Pringgandani diwakilna adikne, Brajadenta nganti Gatotokaca dewasa lan diangkat dadi raja negara Pringgandani kanthi gelar Prabu Kacanegara.
Dewi Arimbi duwe kesakten; bisa malih rupa saka wujud raksasa dadi putri ayu. Dewi Arimbi duwe sifat lan watek; jujur, setia, bekti lan banget asihe marang putrane. Arimbi mati ing palagan Perang Bharatayuda mbela putrane Gathutkaca kang gugur jalaran panah Kunta duweke Adipati Karna, raja negara Awangga.
Dewi Arimbi putri Raksasa, sedulure Prabu Arimba, raja raksasa negara Pringgadani. Ing sawijining dina ngimpi ketemu karo Raden ksatria Pendawa sing kaloro. Sang putri ngupaya nggoleti Raden Bratasena lan ketemu, nalikane babad alas minangka gawe  negara. Ing ngarepe Bratasena, Arimbi ngambul sikile Bratasena lan ngethokake isi atine. Ananging Bratasena ora seneng, jalaran Arimbi memper raksasa.
Nalika semono ibu Bratasena, Dewi Kunti ngendika, “Oh, eman lan melasi temen kowe cah ayu.” Sabda Dewi Kunti ndadekake owahe Arimbi dadi putri ayu. Pramila terus digarwa Raden Bratasena.
Ing langen asmara, sawijining ksatria umume ngrayu lan mbujuk ( ngungkung). Bratasena ora ngalem-alem Arimbi. Carane ngetokake rasa prasaja banget. Disbutake menaw alise Arimbi ing nduwur mripat, irunge ing nduwur tutuk, rambuting nduwur sirah, lan carane njagong ing dwurur pupune banget kasare.
Ananging omong lan polahe Bratasena iku malah ndadekake putri tambah kepencut. Polah tingkah Bratasena sing kaya mau ndadekake senenge Arimbi, jalaran deweke ora was-was.


HARIMUKA

Harimuka yaiku raksasa kang asale kedadeyan saka ari-ari nalika laire putri kembar telu Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambalika.
Raksasa iki tansah angalang-alangi menawa katelu putri mau arep dilamar lan jalaran kesektene Harimuka mulane lamaran marang katelu putri mau tansah gagal bae.
Sabanjure Harimuka dikalahake  dening Dewabrata kanthi japa mantra lan aprang tanding Harimuka bisa dikalahake lan dheweke balik wujud marang asale dadi ari-ari.
Harimuka netrane plelengan, irung wangun haluan perahu, tutuk ngablak ngablak (terbuka lebar), untu lan siyunge keton. Nganggo ageman jamang kanthi garuda mawuri, nganggo sanggul keling, nganggo sunting kembang kluwih kaya umume kabeh raja raksasa. Nganggo ageman kebesaran. Wengise raksasa iki Katon saka praupan lan pasang tangane.




















1 komentar:

  1. Andharan katrangane cekak mula nggampangake mangerteni isene tokoh mau. Salam sutresna budhaya ringgit purwa hing sakindhenging Nuswantara.

    BalasHapus