Minggu, 31 Januari 2016

PETUNG PANCA SUDA

PETUNG PANCA SUDA
Petung Panca Suda iku kanggo ngaweruhi ala lan becike tumrap manungsa kang arep nindakake jejodohan. Petung iki amengku karep kanggo pangati-ati tumrape wong Jawa kanthi panganggep kena kanggo patokan kang kemantepane sumangga kersa ingkag badhe angersakaken. Menawa ditaliti petungan kang kaya mangkene iki wernane akeh banget, iku kabeh gumantung marang sapa kang mulangake utawa nyritakake lan nyejarahake. Kabeh petung iku becik, amarga wis lumaku kanthi panaliten kang dawa wektune , uga kanthi laku pitukon kang maneka warna wujude. Sumangga kersa, wallohhusalam bis showab.
Petung Panca Suda kajupuk saka neptune dina pitu (sapta wara) lan neptune dina lima (pasaran = panca wara). Kanggo neptu dina wis penulis bebraken ing lembar lintunipun ananging, diambali maneh ing kene, yaiku  :

Neptune Dina  :                                                 Neptune Pasaran  :
Senen         = Soma          = 4                            Paing        = Jenar             = 9
Slasa           = Anggara     = 3                            Pon           = Palguna       = 7
Rabu           = Budha        = 7                            Wage        = Cemengan   = 4
Kemis          = Respati       = 8                            Kliwon      = Kasih            = 8
Jumuwah   = Sukra          = 6                            Legi           = Manis            = 5
Setu             = Tumpak      = 9                           
Ahad            = Dite             = 5                           

Dene carane ngitung Petung Panca Suda mangkene. Neptune dina lan pasaran wetone calon penganten lanang dijumlah karo neptune dina lan pasaran calon penganten wadon. Sakwise dijumlah terus kasuda nganggo 10 (sepuluh) sisane utawa turahe petung ora kena luwih saka 7 (pitu). Menawa turahe isih luwih saka 7 (pitu), jumlah neptu mau kudu kasuda nganggo 7.
Tuladha :
Raden Paijo Singodimejo Rebo Pon, neptune (7 + 7)
Raden Ajeng Dewi Paijem Setu Legi, neptune (9 + 5)
Jumlah neptune (7 + 7) + (9 + 5) = 14 + 14 = 28
Menawa kasuda 10 (sepuluh) = 28 – 10 ...... sisane = 8
Kudune sisane ora kena luwih saka 7 (pitu) mulane jumlah neptune mau kudu kasuda nganggo 7 (pitu) = 28 – (7x3)............sisane = 7

Raden Ngabehi Compreng, Setu Paing, neptune (9 + 9)
Raden Ajeng Cipluk, Rebo Kliwon, neptune (7 + 8)
Jumlah neptune (9 + 9) + (7 + 8) = 18 + 15 = 33
Menawa kasuda 10 = 33 – (10 x 3) .............. sisane 3
Petung iki tiba Satriya Wibawa

Ketemu Petung Panca Suda kaya ing ngisor iki, yaiku sakwise kasud 10 (sepuluh) utawa kasuda 7 (pitu) sisane :
Sisa 1     =   Tiba Wasesa Segara – watake jembar budine, sugih pangapura, amot ujar ala lan ujar becik, gedhe wibawane.
Sisa 2     =   Tiba Tunggak Semi – watake rejeki tansah kecukupan, senajan dipapras meksa isih bisa thukul.
Sisa 3     =   Tiba Satriya Wibawa – watake oleh kabegjan gedhe, kamulyan, lan kaluhuran.
Sisa 4     =   Tiba Sumur Sinaba – watake kadunungan kapinteran, kawicaksanaan, panggonan kanggo pitakonan lan pitulungan.
Sisa 5     =   Tiba Satriya Wirang – watake nandang susah lan rekasa, kewirangan. Sarat kanggo srana tulake, yaiku negthokake getih yaiku nyembeleh ayam utawa wedhus.
Sisa 6     =   Tiba Bumi Kapetak – watake peteng ing ati, nanging taberi ing pegaweyan, kuwat nyandhang lara lapa, nanging resikan. Sarat kanggo srana tulake  yaiku mendhem lemah.
Sisa 7     =   Tiba Lebu Katiup Angin – watake nandang papa cintraka, tansah kapesan, rekasa golet sandang pangan, sabarang karepe angel kasembadan, asring pindah omah. Sarat kanggo srana tulake yaiku ngabul-abul bledug utawa lebu utawa awu.

Petung iki kalebu tinggalane para leluhur, kang nganti saiki isih kerep digunakake. Kabeh mung kanggo srana mujudake kaluwarga idaman kang ayem tetrem, mulya, lan wibawa, nyakrawati mbau denda. Kang wigati, dene jodho, pati, rejekine manungso iku wis ginaris saka kersane Gusti Kang Maha Kuwaos, manungsa amung sadrema mbudidaya, ndedonga, lawan ikhtiyar kaggo mujudake kekarepane, sabanjure pepesthene kapsrahake marang Gusti Kang Akarya Gesang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar