Senin, 18 Januari 2016

PENGANTEN ADAT JAWA

PENGANTEN ADAT JAWA



Modul pasinaon smp lan smk kagem kalangan pribadi disadur saka berbagai sumber. Penulis Guru Bahasa Jawa SMP Al Islam Cipari dan SMK Tarbiyatul Islam Kawunganten.

Upacara temantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman (urut-urutan) upacara lan tata cara sing wis pakem utawa baku. Tata upacara temantenan iku nglambangake nyawijine risang temanten kakung miwah temanten estri kanthi pangajab bisa mangun bale wisma kanthi ayem tentrem pindha mimi lan mintuna.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Dene rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda ginantung miturut kekiyatan ekonomi saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:
      8.1. Dhékorasi
      12.1. Dhékorasi
      12.2. Masang Tarub
      12.3. Pemaes
SIRAMAN
Acara siraman iku sejatiné minangka upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn sakloron. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.

SRAH-SRAHAN
Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké ubarampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

UPACARA PANGGIH
Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah) dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.

UPACARA BALANGAN SURUH
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.

UPACARA WIJI DADI
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.

PUPUK
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.

SINDURAN
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.

TIMBANG
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.

DHÉKORASI
Dhékorasi dipasang ing dalemé sing duwé gawé, wujudé werna-werna.

DHAHAR KLIMAH
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

MERTUI
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.

SUNGKEMAN
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.

KENDURÈN / RESÈPSI
Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.

DHÉKORASI
Dhékorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernané wonten kathah.

MASANG TARUB
Masang tarub gumantung marang kahanan ing dalemé sing duwé kajad.

PEMAES
Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.

CATHETAN
Rantaman Upacara Pernikahan Adat Jawa
Pernikahan utawa temantenan iku salah sawijining prastawa wigati wonten sejarah panggesaning saben-saben manungsa. Masyarakat Jawa duwe adat istiadat utawa pranata cara dhewe kanggo ngleksanakake upacara sakral, upacara adat temantenan jawa. Upacara sakral punika kawiwitan saka patepungan dumugi wancine pernikahan utawa kad nikah. Saben-saben tahapan upacara temantenan iku nduweni simbol-simbol saben-saben bagian. Utawa tahapan upacara sakral iku anduweni pralampita dhewe-dhewe lan mengku kekajengan khusus saben acara kang lumampah.
Dene rantamaning adicara upacara sakral dhauping risang temanten kekalih kang lumrah nduweni urut-urutan :
1.   NONTONI
Ing tahap iki diperlokake perane sawijining caraka / utusan / perantara. Caraka iki utusan saka kaluwraga calon temanten kakung kanggo nemoni kaluwaga calon temanten estri saperlu nontoni yaiku ndeleng/ningali kaluwarga calon temanten putri saka lingkungan cedhake.
Lumrahe utusan teka ing omahe kaluwarga calon temanten putri akanthi calon penganten putra. Ing papan iku calon temanten bisa pepanggihan langsung sanajan namung sedhela. Pepanggihan sagebyaran iku kedadeyan nalika calon temanten putri ngedhalake unjukan saha dhaharan minangka sugata.
Utusan kasambut silaning akrami dening kaluwarga calon temanten putri yaiku wong tuwa temanten putri sakloron, calon temanten putri, lan kaluwargane, umume paklik, pakdhe, utawa simbah.
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi,  mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri  ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan  ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun  sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun.
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni

Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan :  BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?: Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh  kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika. Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun  :
  1. Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
  2. BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan.  Mila pangajabipun murih  saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
  3. BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken  para sutresna budaya  badhe nanggapi.

2.   NAKOKAKE/NEMBUNG/NGLAMAR
Saderenge ngancik tahap salajengipun, utusan mitaros prakawis pribadi, yaiku punapa sampun wonten punapa dereng calon temanten putra kagem calon temanten putri. Menawa dereng, tumuli utusan ngaturaken pirsa bilih kaluwaga calon temanten putra gadhah kekajengan pengin besanan.
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
1.     Atur pambuka saking kulawarga
2.     Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
3.     Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan,  werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
4.     Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
5.     panutup.
Sateruse calon temanten putri disengi pepanggihan kaliyan calon temanten putra kanggo ditakokake apa calon temanten putri kersa kaajab pinangka sisihane (gelem pora dadi bojone). Menawa setuju terus disiapake pirembugan sacukupe. Pirembugan mau yaiku babagan kapan utusan calon temanten putra sowan malih kanggo nalekake kekancingan rembag (paningset).
Paningset iku minangka sibol bilih calon temanten putri wis kaiket kanthi ora resmi dening calon temanten putra. Umume paningset arupa kapika (ali-ali/cincin), dhuwit sakikhlase, lan jajanan khas daerah. Peningset ini bisa dibarengi dengan acara pasok tukon,  yaiku paweweh barang-barang arupi pisang sanggan (pisang jenis raja setangkep), seperangkat busana kagem calon pengantin wanita, lan upakarti utawa bantuan nalika upacara pernikahan badhe kalaksanakaken kadosta : beras, gula, sayur-mayur, bumbon, lan dhuwit sacukupe.
Nalikane kabeh wis lumaku rancag lancar, mula katemtokake titi mangsa (tanggal lan dina) ijab kobul. Lumrahe dina ijab kabul diselarasake kaliyan weton (neptu dina lan neptu pasaran = dina kelahiran miturut petung jawa) kekalih calon temanten. Sejanipun kanthi titi mangsa kang pinilih ijab kobul ndadosake tuwuhing kabagjan, kasejahteran, kemakmuran kagem sedaya kaluwarga.

3.   PASANG TARUB
Nalikane tanggal ijab kobul wis disarujuki, saterasipung masang tarub sadurunge dina ijab kobul. Tarub digawe saka godhong klapa sing dienam lan diwenehi wilah pring, lan ijuk utawa welat minagka taline. Sudos upacara pasang tarub slamet, dianakake upacara gawe segatumpeng kumplit. Bareng karo masang tarub, dipasang uga tuwuhan. Tuwuhan yaiku sepasang wit gedhang raja raja sing uwoh, dipasang ing kiwa tengene pintu mlebu. Wit pisang lambang keagungan lan nduweni makna arupa harapan supaya kaluwargaanyar iki ing tembe mburine kecukupan sandhang pagane. Lumrahe ing sisih kiwa tengene pintu mlebu uga diwenehi godhong kelor amengku teges nggurah akabehing pengaruh jahat sing arep mlebu papan upacara, semono uga janur kuning minagka simbol keagungan.
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa  murih papan wau saged cekap(amot)  lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani  “saat”.  Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa.
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
  1. Pisang Raja Ayu
  2. Kelapa ganding
  3. Tebu wulung
  4. Pari lan cantle
  5. ron-ronan ;  keluwih,ringin dan kroton lsp

Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika  tratak umumipun dipun gantos  tenda. Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.  Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun  ‘jan’ saking tembung “jane”  dene  ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning  mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku).
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1.   Damel  “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2.   Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu  wulung, pari lan cantel, ron  kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3.   Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun  lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4.   “Pari wulu”  kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5.   Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang  ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes
6.   Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7.   Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta  derajat dsb
8.   Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah  dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9.   Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
10. Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun  kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.

4.   MIDODARENI
Upacara midodareni kawiwitan kanthi upacara siraman. Siraman banjur midodareni. Papan kanggo siraman digawe saemper sendhan karias tanaman maneka warna. Pelaku siraman iku wong kang dituwakake cacah pitu. Sasampune siraman calon temanten masuh raine (raup) nganggo banyu kendi kang digawa ibune, sateruse kendi kabanting nganti pecah kanthi pangucap “sunarnya sapunika sampun pecah kados wulan purnama”. Salteruse calon penganten kabopong ramane ke papan ganti ageman.
Sakwise ganti busana, diterusake potong rambut dening wong tuwane temanten putri. Potongan rambut dikubur ngarep omah. Bubar ngubur rambut banjur dhodhol dawet,  sing adol ibu temanten putri dipayungi bapake. Dhuwit sing kanggo tuku dhawet arupa kreweng / pecahan gendheng sing digawe bunder. Maknane pangajeng-ajeng mbesuk nalika urip bebarengan pikanthuk rejeki tumpuk undhung kaya cendhol dhawet ora kanthi kangelan yaiku tukune nganggo kreweng.
Rerangken acara candhake yaiku midodareni, yaiku asal saka tembung widodari (kajenge memper widodari). Midodareni iku upacara kanthi kekajengan agawe swasana calon temanten kados widodari. Tegese temanten kekalih kaajab bisa kados widadara lan widadari, suk tembe bisa lestari, guyub rukun, tentram lan sejahtera.

5.   AKAD NIKAH
Akad nikah iku inti acara temantenan. Umume kalksanakake sadurunge upacara resepsi. Dilaksanakake miturut agami utawa keyakinane dhewe-dhewe, kanthi diseksine kekalih tiyang sepuh temanten. Dados ingkang ngleksanakake akad nikah iku petugas saka catatan sipil utawa petugas agama.

6.   PANGGIH
Upacara panggih kawiwitan kanthi pertukaran kembar mayang, kalpataru dewadaru ingkang minangka sarana saka rangkaian panggih. Sateruse kalajengaken balangan suruh, ngidak endhog, dan mijiki.
UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAg NGAYOGYAKARTA
  1. LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih sageda  sami manggih kabegjan, gesang kang utami.
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:

Upacara sangajenging tarub
1.    Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken  putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
2.    Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri  3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh).
3.    Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X.  Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken  Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
4.    Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong.  Dene Urutaning lampah upacara :
1)   Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)   Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)   Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)

Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar ).
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
  1. Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
  2. Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli  tali lawe
  3. Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
  4. sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
  5. tigan ayam kampung
Ubarampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
  1. Kagem tampa kaya; inggih punika:
a. arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
b. biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras,  jagung lan sanesipun.
c. empon-empon: dlingo bengle
d. sekar sritaman,
e. Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
f.  Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
g. Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
h. Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing ingkang dipun agem:
1.     Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
2.     “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
3.     “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.

UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAG SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun  iaturaken rikala Minggu kapengker,  upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
1.        Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
2.        Sanggan
3.        Kembar Mayang sepasang
4.        Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
5.        Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut)
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
1.        Cucuk lampah,
2.        Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
3.        Kembar Mayang sepasang
4.        Maten putri lan 2; pengaring Putri
5.        Tiyang Sepuh.
6.        Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu  perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
1.        Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
2.        Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
3.        Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
4.        Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
5.        Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
6.        Manten putri mijiki sukunipun.
7.        Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh  nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.

7.   BALANGAN SURUH
Upacara balangan suruh dilakokake dening kekalih pengantin kanthi genten-genten. Gantal sing digawa dibalangake marang temanten putra dening pengantin putri sinebut gondhang kasih, dene gantal sing dicekel temanten putra sinebut gondhang tutur. Makna balangan suruh yaiku minangka pangaja sedaya mala, alangan, piawon saged ical lan ngedohi awit kabalang gantal kalawau. Gantal digawe saka godhong suruh ditekuk kaya linthingan (istilah Jawa: dilinting) ditaleni benang putih/lawe. Godhong suruh minangka perlambang supados temanten kekalih saged nyawiji ing cipta, karsa, dan karya.

8.   NGIDAK ENDHOK
Upacara ngidak endhog diwiwiti juru paes, pawongan sing ngrias pengantin lan migunakake busana temanten, endhog dijiot saka bokor diusapake bathuke temanten putra lan temanten putri supaya ngidhak endhog mau nganti pecah. Ngidak endhog duwe makna seksual, menawa calon temanten kekalih sampun pecah pamore.

9.   WIJI DADI
Temanten putri masuh / ngreseki sikiletemanten putra nganggo banyu kembang setaman. Minangka pralambang menawa “wiji” sing diturunake adoh saka bebaya lan dadi keturunan kang utama.


10.  TIMBANGAN
Upacara timbangan dilakoni sadurunge temanten manggon ing papan pelaminan. Upacara timbangan kanthi cara : ayah temanten putri njagong antara temanten saklron. Temanten putra njagong ing pupu tengen, temanten putri lungguh ing pupu kiwa. Astane bapak rinangkul ing temanten kekalih. Salejenge bapak matur menawa temanten kelalih wis seimbang, padha abote. Makna upacara timbangan yaiku minangka pralampita menawa temanten kekalih saged seimbang ing rasa, cipta, lan karsa.

11.  KACAR-KUCUR
Yaiku carane kakung aweh raja kaya saka kantong kain, putri namapani nganggo kain sindur sing diselehake pangkone. Kantong kain isi dhuwit recehan, beras kuning, kacang kawak, dhele kawak, kara, dan bunga telon (mawar, melati, kenanga atau kanthil). Makna kacar kucur yaiku tandha menawa temanten kakung tanggungjawab golet nafkah kanggo kaluwargane. Raja kaya sing diselehake kasebut ora kena tiba sethitik-thithika, maknane supados temanten putri kaajab nduweni sifat gemi, nastiti, surtini, lan ngati-ati ngatur rejeki sing diparingi garwane.
1)   Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun pangku pupu  kiwa tengen  ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2)   Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur
3)   Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4)   Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.
5)   Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6)   Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7)   Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:
1.        Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
2.        Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten
TANTINGAN                    = putra dalem Kakung,
PANANTUNAN                 = putra dalem PUTRI
Macul tumpeng                 = Putrine luwih tuwa
medot lawe                     = tasih misan
Ancik-ancik pipisan           = sepupu ( sak Eyang )
Nyecek mawa ( bugel)       = yen kakunge wis tau krama

12.  DULANGAN
Dulangan yaiku sawijining upacara kanthi cara temanten kekalih dulang-dulangan dhaharan lan unjukan genten-genten. Makna dulangan yaiku minangka simbol seksual, padha-padha aweh lan nampani.

13.  SUNGKEMAN
Sungkeman yaiku upacara sing dilakoni kanthi cara tetamnten kekalih lungguh jengkeng kanthi nyepeng lan ngambung lutut wong tuwa sakloron, saka pihak temanten putra saha pihak temanten putri. Makna upacara sungkeman yaiku minangka simbol wujude rasa hormat anak marang wong tuwa.

14.  KIRAB
Upacara kirab arupa arak-arakan dening para putri domas, cucuk lampah, lan kaluwarga cedhak kanggo njemput lan ngiringi temanten medhal saka papan panggih utawane arep mlebu papan panggih. Kirab minangka sawijining simbol pikormatan kagem temanten kekalih dados ratu raja sedina kaajab bisa mimpin lan mbina kaluwarga kanthi becik.

15.  JENANG SUMSUMAN
Upacara jenang sumsuman dilakoni sakwise kabeh acara perkawinan paripurna. Utawa, jenang sumsuman minangka puji syukur awit acara saged kaleksanakake kanthi lancar, sehat dan waras. Umume jenang sumsuman kaleksanakake wengi, yaiku wengi sakwise acara perkawinan.

17.  BOYONGAN/NGUNDUH MANTEN
Winastan boyongan amarga temanten putri lan temanten putra dening kaluwarga temanten putri dianterake wonten daleme temanten putra.
Ngunduh manten dianakake ing omahe temanten putra. Umume ngundhuh manten daleksanakake sepasar sakwise upacara ijab kobul.

BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA  LAN SOLO
Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab bedanipun upacara adat ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun kepara nasional. Dene  gambaripun Upacara makaten:
No
Gagrak Yogya
Gagrak Solo
Keterangan
1
Nontoni
Nontoni
Woten, sampun boten mlapah
2
Lamaran
Lamaran
Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
3
Asok tukon
Asok tukon
Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
4
Srah-srahan, Nyantri
Srah-srahan
Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
5
Tarub
Tarub
Woten, sipatipun mana suka,  awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
5
Siraman
Siraman
Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan,  mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
6
Midodareni
Midodareni
Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
7
Ijab
Ijab
Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari
Panggih
Panggih
Woten, sipatipun Resmi atat Jawi  padatan tata upacaraipun benten-benten
8
Resepsi
Resepsi
Woten, Siapatipun resmi, mana suka





2 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Maturnuwun ingkang kathah, Pak, seratipun panjenengan mbiyantu kula sanget kangge ngrampungaken laporan Basa Jawa. Tansah sukses, Pak! :)

    BalasHapus