Minggu, 17 Januari 2016

SENGKALAN

SENGKALAN

Sengkalan utawa candrasengkala kuwe nulis angka taun sing disandhi nganggo ukara. Sengkalan asale sekang tembung-tembung saka + kala + an. Saka = jenenge bangsa Indhu, dene kala tegese wektu. Sakakala yakuwe kalane ana ratu golongan bangsa saka sing dadi ratu ing tananh Indhu sisih kidul, lan wektu iku dadi wiwitane alamanak Tahun Saka, yaiku Tahun 1 Saka uatawa tahun 78 Masehi. Terus kanggo gampange ngomong diunekake sengkalan. Sengkalan iki sering dienggo kanggo nuduhake titi mangsa (waktu), lumrahe jaman Jawa Kuna lan Jawa Tengahan. Dadi sengkalan yaiku unen-unen sing nduweni teges angka taun. Cara pamacane diwalik, sekang mburi mengarep. Conthone  Sirna ilang kertaning bumi  , menawa diterjemahna angka yaiku nuduhake angka 0, 0, 4, 1, dadi Sirna ilang kertaning bumi diwaca taun 1400.
Nalikane jaman gemiyen sing kanggo petungan ing tanah Jawa iku nganggo taun Saka, nanging siki wis werna-werna. Ana sing migunakake taun rembulan utawa taun candra, yaiku petungan manut lakuning rembulan mula diarani Candrasengkala. Nanging menawa adhedasar taun Srengenge banjur diarani Suryasengkala.

Werna-werna sengkalan

Miturut wujudé
Miturut wujudé, sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:

Miturut jinisé
Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:
  • Sengkalan lamba, yakuwe sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
  • Sengkalan miring, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
    • Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5.
    • Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7.
    • Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9.
    • Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
  • Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

Tembung lan watek wantuné
  1. Tembung watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. .
  2. Tembung watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi, Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .
  3. Tembung watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .
  4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .
  5. Tembung watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .
  6. Tembung watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .
  7. Tembung watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .
  8. Tembung watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti, Bujangga, Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .
  9. Tembung watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang, Kori, Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .
  10. Tembung watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.

Carané Gawe Sengkalan
Yen arep gawe ukara sengkalan:
  • Sepisanan kudhu golet tembung luwih dhisit kanggo guru dasanama (persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha. Umpamane : gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
  • Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
  • Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi, kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
  • Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
  • Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah (ilat).Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
  • Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yakuwi loro (2)
  • Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan sing padha yakuwi telu (3)
  • Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku enem (6)

Carané Maca Sengkalan
Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing ngarep dhewe, kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka sengkalan Buta Cakil kang unine: Tangan Yaksa satataning Janma (penyempurnaan bentuk wayang) Buta Cakil dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma:1, dadi diwaca tahun 1552 Jawa utawa taun 16700 Masehi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar